Jumat, 10 November 2017

LIRIK KIDUNG PASAMUWAN JAWI (KPJ)


260. ING DINTEN ADI PUNIKI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Ing dinten adi puniki kula muji mring Gusti
kang dads Juru Basuki; karsa ngurbanken dhiri
sinalib dumugeng seda; nyanggi bebenduning dosa,
mrih tyang pracaya waluya; rinukunken klayan Allah,
nggih dinadosken Putranya, cinadhang kraton swarga.

2. Ratu Salam Putreng Allah lir durjana binanda,
   Gusti siniksa mung pasrah, mangka darbe pangwasa.
   Ingawonken tetep sabar, ing penggalih tansah lajar,
   Gusti datan lenggana, Sumarah badhe sinaos
   mring Allah nirken supaos kang tumrap tyang duraka.
  
3. Gusti seda dados srana pangruwat saking dosa.
   Nglebur paukuman kula, temah manah santosa.
   Betah nandhang kasisahan dening pangrehing Pangeran
   Gusti dados lantaran. Pejah kula ndherek Gusti,
   nanging ndherek gesang ugi mring kamulyan sejati.
261. ING GOLGOTA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Ing Golgota, ing Golgota, Gusti Yesus sinalib.
Kang karebat luwar kula, saking bandaning Iblis.
Siksa kula dipun rembat, kula luwar saking laknat.
Ing Golgota, ing Golgota, Gusti Yesus sinalib.

2. Ing Golgota, ing Golgota dosa kula linebur,
   mila mangke gesang kula, bingah ayem alipur.
   Rahing Gusti winutahken, pangluwaran pinaringken.
   Ing Golgota, ing Golgota dosa kula linebur.
  
3. O, dhuh Gusti, Putra Swargi, mugi nunggil ing kula.
   Kula mugi winulanga tresna dhateng Paduka,
   dimen mbenjing kula klilan lumebet dalem kaswargan.
   O, dhuh Gusti, Putra Swargi, mugi nunggil ing kula.
262. KWAOSING ASMA PADUKA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kwaos ing asma Paduka ingkang kita sebar;
pramila kita dhuh Gusti, tan giris ing pati.
Kadya gesangipun wiji ingkang katanem ing siti,
amrih tuwuha ngrembaka, temahan medal wohira,
mumpangati salumahing bumi.

2. Kados tuladha Paduka kang nandhang sangsara,
   de sinalib nulya seda, wit dosaning jalma.
   kados wiji kang katanem ing siti samnya kapendhem,
   makaten kita kang nistha, kepareng nunggil Paduka,
   binerkahan, pikantuk kaswargan.
  
3. Paduka kang wungu malih saking palimengan.
   Kawula sami antuk sih, rahmating Pangeran.
   Karebat saking antaka, nampi kamulyaning swarga.
   Gustingutusa pra abdi kang tlatos anyebar wiji
   kanthi setya, kang mring Paduka.
263. LAH WONTEN SWARA GUMIYAK
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Lah wonten swara gumiya ngumandhang neng Yerusalem.
Duk gumebyar padhang surya. Lah wus wungu Gusti kula !

2. Sira plimenganing pati,
   tan kecongah nglawan Gusti.
   Gusti unggul, nilar kubur;
   nyata Suteng Kang Maluhur.
  
3. Mangke pati tan ngajrihi,
   Gusti sampun anguwisi,
   Sinten pitados mring Gusti
   tan ajrih sara myang pati
  
4. Krana Gusti sampun wungu,
   kula antuk geang estu,
   gesang enggal, krana Rahnya
   kang mancur aneng Golgota.
264. LUWAR
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Luwar, luwar, luwar saking siksa.
Puja, puja, konjok Sang Pamarta.
Kang karsa rawuh ing donya
mitulungi tiyang dosa,
mitulungi tiyang dosa,

Reff.
  Luwar, luwar, mung awit saking sih,
  srana rahnya Gusti kang sinalib.
  Saiba gunging sih rahmat
  kang sung luwar, Haleluya !
 
2. Luwar, luwar, luwar saking dosa. Iba gungnya sihe Sang Pamarta
   de karsa nombokken yuswa ngrembat dosaning manungsa
   ngrembat dosaning manungsa.
  
   Reff.....
  
3. Luwar, luwar, luwar sing bilai. Swawi sami muji dhateng Gusti
   swawi denwangsuli tresna de klangkung sihe mring kita
   de klangkung sihe mring kita
  
   Reff......
  
4. Luwar, luwar, luwar saking laknat, klangkung- langkung lubering sih-rahmat,
   sayogya kula lembana, langgeng salami-laminya,
   langgeng salami-laminya.
  
   Reff....

265. NENG PUCAK ARDI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Neng pucak ardi dununge, Golgota arane;
ing kono, ilining kali sung rentrem ing ati.

Reff.
  Samana Gusti pinaku, wit nebus dosaku.
  Mula payo sowan nulya, sujud ing ngarsanya.

2. Iba prihatining Gusti ing Golgota ardi;
   pinoyokan, sinangsara, tinaton sliranya.
  
   Reff.......
  
3. Manungsa datan kuwagang nebus dosanira.
   Mlaekat uga tan wenang, mung Gusti pribadya.
  
   Reff.......
266. NULADA MRING SANG PAMARTA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Nulada mring Sang Pamarta Gusti kang karenan amitulungi;
lembah ing manah, ngesorken dhiri; kang anyatroni tetep den tresnani.

Reff.
  Kristus Gusti, Sang Pamarta karsa manjalma nandhang sangsara,
  ngalami papa, sinalib seda, iku babaring tresna.
 
2. Sengkud makarya ing pamrih sepi,
   kang aneng telenging wardaya
   amung rahayuning tyang sabumi.
   Mila tetep nulada Sang Pamarta.
  
   Reff....
  
3. Datan melas pinoyok tyang kathah,
   pinisakit tanpa rinasa.
   Malah tulus dennya andum berkah,
   tansah nyuwunaken sih-pangaksama.
  
   Reff....
267. PAMARTA KULA AGESANG
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Pamarta kula agesang tyas kula mila agirang
kang sinalib gesang. Dennya seda krana kula
wungune dados panjernya, kula ndherek gesang.

Reff.
  Gesang, gesang, Pamarta kula agesang.
  Gesang, gesang, Pamarta kula agesang.

2. Gesang , Gusti kang wus seda,
   dennya gesang krana kula,
   mila kula puji
   Saiba dennya ngasihi
   kula ngantos denparingi
   gesang langgeng ugi
  
   Reff....
  
3. Tyas kula yogya agirang
   de gadhah Pamarta gesang,
   sung gesang mring kula.
   Gusti gesang aneng swarga
   nyawisi papan mring kula,
   kula ndherek gesang.
  
   Reff....
  
4. Gusti Pamarta kang gesang
   nimbali marek salir tyang,
   kinen tobat samya.
   Datan wonten gesang malih,
   namung dening kang sinalibkang agesang mulya.
  
   Reff....
  
5. Gusti gesang lajeng minggah
   dhateng tengenipun Allah
   andongakken kula.
   Sihnya angayemken manah
   gesangnya nuwuhken bingah
   ing tyase pra abdi
  
   Reff.....
  
268. PANGLIPURING TYANG PRIHATOS
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Panglipuring tyang prihatos, klangenan ing tyas kula.
Sakathah sumlanging batos, kasirnakken sadaya.
Sing swarga Gusti kang mulya, karsa tumedhak mriki,
nyaur pundhat utang kula, Gusti gung kula puji.

2. Iba-iba Gusti mlasi bangsa apes lan nistha.
   Sing laknat Gusti ngluwari, margi sangsara seda.
   Riwe, rah, waspa Paduka neng Getsemane mili.
   Ngluwar kula sing ukuman, mbikak margining swargi.
  
3. Gusti tinuwek ing galih dening poyok kang sengak.
   Bendune Allah kang adil sinanggi Guti pyambak.
   Nggirisi Gusti siniya wonten ardi Golgota,
   pasrah sinalib sarira, krana jagad duraka.
269. SAIBA SANGSARANE GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Saiba sangsarane Gusti
nglampahi pinenthang.
Kasamekaken tyang durjana
nggene kapatrapan
Pinaku samparan lan asta,
cinamah asmanya,
pinanggang ing bentering surya,
temah pegat nyawa.

2. Pundi dosane Gusti kula, nglampahi pinenthang.
   Saestu Gusti tanpa dosa ngrembat dosaning tyang.
   Nggenipun masrahaken nyawa dhasar dipun sedya,
   karsa nebus mring tiyang kathah nggih kula sadaya.
  
3. Makaten Allah Kang Masuci tan ngeman kang Putra
   kang kinasih denpasrahaken mring kraharjan kula.
   Saiba sih-welase Allah dhateng tiyang dosa.
   Sinungken pangapunten samilantaran kang Putra.
270. SANG KRISTUS SINANGSARA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sang Kristus sinangsara sianandhanga wirang
Ri kinarya makutha, pinoyok tyang kathah.
Ri nangket lir durjana, ci nampah siniya.
Dhuh Allah , punapa atangeman kang Putra ?

2. Wit aku uga Gusti ginitik winirang.
   Ngagem makutha eri lan singep poyokan.
   Wit aku gawe dosa, tinaton sliranya.
   Sinungkawan ing driya lir tingalan nistha
  
3. Dhuh Yesus kang ingajep pra luhur wit kina.
   Mugi kula sadaya emuta slaminya.
   Sangsara lan kwirangan ageman Paduka,
   nyawisi kedrajatan kula tuang nistha.
271. SANG PAMARTA SEDA PADUKA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sang Pamarta seda Paduka,
ngluwar kula sing ukuman,
Iba gunging pitulungan,
Gusti kang nebus kula.
De kula nyaur napa ?
De kula nyaur napa ?
Gusti kang nebus kula,
de kula nyaur napa ?

2. Kala Gusti pinisakit, rahipun ndlewer ing salib
   Wah kang srira tatu wradin, Gusti nglabuhi kula.
   De kula males napa ? De kula males napa ?
   Gusti nglabuhi kula, de kula males napa ?
  
3. Kula isin yen kemutan nggen kawula kesambutan,
   mangka sring taksih klepatan. Kula mugi winulang
   animbangi sihing Gusti, animbangi sihing Gusti.
   Kula mugi winulang animbangi sihing Gusti.
272. SIHE ALLAH MARING JAGAD
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sih e Allah maring jagad, ngantosnyrahken kang Putra.
mring campah lan kawirangan drapon jagad slameta.
Duk taksih samnya duraka, kula sinungan welas.
Seda Putraning Allah anebus kula sing nraka
Allah asih; manungsa lan mlaekat mujia !

2. Yeku kang ngeramaken, tanpa tandhing tur mirah.
   Tyang dosa karukunaken manjing putraning Allah.
   Nadyan agetun de apes lan risaking tyas kula,
   sihe Rama kang setya nulungi lan mirma ageng.
   Allah asih; manungsa lan mlaekat, mujia !
  
3. Napa biyung saged tega bayine manggih tiwas ?
   Napa pantes rama-rena kolu risaking anak ?
   Langkung malih, adhuh Rama kang mirsa ribed kula
   Gusti mlasi pra putra kang sampun sinung aksama.
   Allah asih, manungsa lan mlaekat, mujia !
273. SINTEN INGKANG TAN ANGLENTRIH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sinten ingkang tan anglentrih,
ing manah daatan aperih,
mulat sariraning Gusti ?
Pinanjer neng kajenglaknat,
myang srunggennya siniyat.
Dhuh lae, dhuh Gustiku !

2. Sajroning ingerang-erang. pinoyokan myang winirang
   aturnya mring Kang Rama, " O, Rama, mugi ngaksama
   mring kang misakit kawula, wit tan wrin pandamelnya "
  
3. Swara metik kapiyarsi, " Sun ngekak ! " sabdaning Gusti,
   nulya dipun caosi. O,sinten ta tiyangira
   ingkang tan rempu ing driya, mulat sariraning Gusti.
  
4. Mangkya pagowong nelahi, bumi gonjing nggegirisi,
   dyan pinireng aturnya, " O, Rama, napa Paduka
   negakaken mring kawula ? Negakaken kawula ? "
  
5. Ruruh ririh kapiyarsa, " Wus rampung ! " wijiling sabda,
   sampun rampung sanyata, mangkya jagadlinuwaran,
   Gusti nanggel paukuman, jumeneng kurban dhendha.
274. SINTEN KANG SUMARAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sinten kang sumarah mring karsane Sang Rama
miwah wus pasrah sarira tumrap tyang sadaya,
pakaryannya linampahan priyangga ?
Mung Sang Putra sinangsara temah seda.

Reff.
  Yeku tresna kang sejati
  wus binabar kalayan sampurnaneng salib suci
 
2. Perang sampun klampaham wonten pamenthangan,
   mengsah wus kakawonaken, umat kaluwaran,
   karana jumeneng Imam sampurna,
   mila Gusti ngurbanken sariranya.
  
   Reff.....
  
3. Dhuh cempening Paskah, kang wus pinenthang seda,
   kula ngaturaken puji mring Paduka, Gusti;
   kang mbikak kori swarga lan tyas kula,
   wonten katentreman kang denalami.
  
   Reff....
Jumat, 26 Januari 2018
275. SRANA MANDENG ING SALIB
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Srana mandeng ing salib, tyang dosa gesang,
tinebus sagung dosanira.
De cempening Allah kang sinalib ngrembat,
ngesahaken duraka kita.

Reff.
  Swawi den pandeng !
  Srana mandeng ing salib tyang dosa gesang
  tinebus sagung dosa nira
 
2. Napa ta damele Gusti Yesus seda,
   yen datan ngruwat dosa kita ?
   Napa ta damele nombokaken nyawa,
   yen datan nebus dosa kita ?
  
   Reff...
  
3. Swawi ngungsi mring Gusti, tyang dosa sagung,
   dosa kita denunjukna.
   Mesthi antuk apura, temah agesang;
   mbok dentampi lan suka-rena.
  
   Reff....
276. SWAWI PRA KANCA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Swawi pra kanca girang memuja,
Kristus sinalib agesang malih.
Pamarta kula wungu sing seda.
Sampun tinitik Ratuning urip.
Gusti Panebus prange wus unggul.
Pati wus kalah, antupe ical.

2. Tyang Kristen samnya girang memuja;
   de paukuman, bebendu laknat
   wus sirna estu, Gusti wus wungu.
   Kristus nguculi rantening pati,
   Sung gesang langgeng mring kang ngandelken.
   Kula tyang dosa, sinungan uga.
  
3. Salumah bumi badhe ngrurmati,
   Gusti kang seda lan wungu uga.
   Swawi salir tyang kang karibedan,
   swawi ngungseni piwlase Gusti,
   ndherek anyangga kalingsemannya
   ja ajrih pejah, Gusti kang menang.
  
4. Mara mujia ! He jagad wrata !
   Gusti panutan, Ratuning gesang.
   Urip kang langgeng wus linairken.
   Mara tangia king sagung dosa,
   ngambaha dalan mring kautaman.
   Gusti murugken mring gesang langgeng.
Kamis, 25 Januari 2018
277. TAMAN GETSEMANE KANG SEPI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Taman Getsemane kang sepi, minangka seksi.
De Sang Kristus mirsani kang bakal sinandhang.
Tan ana sawiji- wijia rowang mung godhong garing tumibeng bumi
Mangkya wustumengkaning pesthi, Gusti netepi janji.

2. Taman Getsemane kang sepi, seksi sejati
   riwene Gusti lir rah mili rentah nelesi bumi.
   Malaekat, sawusnya nyantosani,
   Gusti datan ajrih ing bilai,
   ngepeng ndedonga trusing ati,
   Gusti netepi janji.
  
3. Taman Getsemane kang sepi, seksi  sejatigodhong lan kembang dadi alum wit sungkawaning Gusti.
De kekayu kudune dadi berkat,
malih dumadi salibing laknat,
jer wus dadi anteping ati,
Gusti netepi janji.
  
278. WONTEN DARAH SUCI MANCUR
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Wonten darah suci mancur neng ardi Golgota,
nggih rahipun Gusti Yesus kang ngicalken dosa.
Kang ngicalken dosa, kang ngicalken dosa.
Nggih rahipun Gusti Yesus kang ngicalken dosa.

2. Tyang durjana kang sinalib angsal pangapura,
   wit tinebus rahe Gusti, ndherek mlebet swarga.
   Ndherek mlebet swarga, ndherek mlebet swarga.
   Wit tinebus rahe Gusti, ndherek mlebet swarga.
  
3. Dhuh Pamarta, rah Paduka sestu tansah kwaos,
   tansah kwasa mbirat dosa lan nucekken batos.
   Lan nucekken batos, lan nucekken batos.
   Tansah kwasa mbirat dosa lan nucekken batos.
  
4. Kula swau nggih cilaka, nging lajeng antuk sih.
   Mila kedah nguhurken Gusti kang sinalib.
   Gusti kang sinalib, Gusti kang sinalib.
   Mila kedah ngluhuraken Gusti kang sinalib.
279. YEN MANDENG SALIBING GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Yen mandeng salibing Gusti,
pucaking kasangsarane,
sagung dosa dak getuni,
wit sampurna lelabete.

2. Pinoyokan lan siniya,
   sedane wus anyelaki,
   kadi kapireng sabdanya,
   " Uripku tumrap sabumi. "
  
3. Gusti seda, nebus dosa,
   nglabeti tiyang sadonya;
   sestu nggih tumrap kawula
   ngraosaken sih Paduka
280. KRISTUS GUSTI SUMENGKA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kristus Gusti sumengka mring swarga,
ngutus wong pracaya tansah setya,
amartakna Injil sih rahmatnya.
Kang nampenana sinungan begja.

Reff.
  Bra undhangna, Sang Kristus jumeneng Raja,
  Kratonira tentemraharja.
 
2. Sang Pamarta sumengka mring swarga,
   wong pracaya dadya lantarannya,
   mrih kratoning Allah binabarna,
   dhedhasarira sih- welas- tresna.
  
   Reff.....
  
3. Gusti Kristus sumengka mring swarga,
   ngutus wong pracaya mbudidaya
   sinanira rasa memungsuhan,
   mrih kebabaring gung katentreman.
  
   Reff.....
281. NENG WISMENE RAMA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Neng wismane Rama gung panggenannya,
neng wismanya Sang Rama.
Ngriku Gusti nyandang papan mring kula,
neng wismanya Sang Rama.
Endah wismanya pra mukti, tan kengging winirasa.
Ngriku para suci girang memuji,
neng wismanya Sang Rama.

Reff
  Wismanya Sang Rama, paleremane pra sukma,
  nagrinya pramuktya, neng wismanya Sang Rama.
 
2. Ngriku inggih wonten larenya ugi, neng wismanya Sang Rama.
   Lare ingang sami lulut mring Gusti, neng wismanya Sang Rama.
   Endah wismanya pra mukti , tan kengging winirasa.
   Ngriku para suci girang memuji,neng wismanya Sang Rama.
 
   Reff.....
 
3. Ngriku tyang sadaya suci sampurna, neng wismanya Sang Rama.
   Pra kang tinebus sinami Gustinya, neng wismanya Sang Rama.
   Enah wismanya pra mukti,tan kengging winirasa.
   Ngriku para suci girang memuji,neng wismanya Sang Rama.
 
   Reff......
282. SWAWI SAMI SUKA - SUKA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Swawi sami suka - suka nggen
kula ngenget - enget.
Gusti minggah maring swarga,
mendah kaluhuranipun
Njeng Gusti Juru slamet.

2. Nyata sinungan kamulyan
   lan sagung pangawasa;
   wonten ing swarga kalayan
   ing bumi, nggih jinulukan
   ngungkuli sagung nama.
  
3. Ngantos para malaekat
   tansah sami memuji.
   Langkung malih para umat,
   nggih wajib nyaosi urmat
   saha sujud mring Gusti.
  
4. Paduka kang ngrumiyini
   dados Pangirid kula,
   saha maringi prajanji
   badhe karsa anyawisi
   panggenan woten swarga.
283. BILIH ROH SUCI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Bilih Roh Suci makarya ing manah kula,
kula memuji Gusti kanthi sukarena,
awit Roh Suci paring manah suka rena,
gesang langgeng ayem tentre salaminya.

Reff.
  Rohh Suci, Ooo, Roh Suci
  makarya ing manah kula.
  Roh Suci, Ooo, Roh suci
  makarya ing manah kula.
284. KALANE GUSTI SUMENGKA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kalane Gusti sumengka karsa mlebet mring swargi,
sampun kagungan prasetya, badhe paring Roh Suci.
Ing dinten Pentekosta, Gusti ngutus Roh Suci.

2. Neng dalem suci, sakabat
   mring swara gumrubug.
   Roh Suci ingkang wineca
   pra nabi sampun rawuh.
   Ing dinten Pentekosta
   Gusti ngutus Roh Suci.
  
3. Punika pawartos bingah
   tumrap sagung tumitah:
   Sang Kristus wonten ing swargi
   karsa paing Roh Suci.
   Ing dinten Pentekosta
   Gusti ngutus Roh Suci
285. KRANA ROH SUCI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Krana Roh Suci dedalem ing ati,
kula tansah kinanthi;
gesang sanyata tentrem raharja,
mangkya sinungken mring kula
Ing wusananira nampi tangining raga,
kadya Sang Kristus, Gusti kang mulya.

2. Krana Roh Suci, kula mrsid yekti
   mbangun turut mring Gusti,
   gesang sembada, ungguh ing yuda;
   ngawontenken juliging dosa.
   Ing wusananira tunggil kasampurnannya,
   klayan Kristus Gusti aneng swarga.
  
3. Krana Roh Suci, kula temen ngudi
   mbucal gesang kang lami,
   sregep makarya, teguh ing karsa,
   tetales bebener nyata.
   Ing wusananira ndherek ing kamulyannya,
   klayan Kristus Gusti aneng swarga.
286. ROH SUCI ASUNG DAYA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Roh Suci asung daya ngasorken panggodha,
manah semplahwit sisah, sestu dados bingah;
tyang rinoban pepeteng, sinung padhang langgeng,
mila ayem ing driya, tentrem nula.

Reff.
  Wit kwasaning Roh Suci, gesang sejati,
  tansah begja, kalis sing rehing pati.
 
2. Roh Suci asung kwasa ngasoraken dosa.
   Tyang mursal sarta mblunthah, mratobat mring Allah.
   Gesang mursid sayekti, nresnani sesami,
   sarta remen leladi trusing ati.
  
   Reff.....
287. ROH SUCI ROH SEJATI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Roh Suci Roh Sejati, mugi rawuh ing ati
Ngenggalna manah kula, mrih ing lampah prayoga,
setya bekti mring Gusti, wah asih mring sesami.
wit panuntun Paduka, gesang kula sembada.

2. Dhuh Roh Suci, Roh Allah, anyantosakna manah.
   Lamun karoban sisah, tatag, tanggon, tan semplah.
   Manggul salibing Gusti, martosken Injil Suci.
   Wit panuntun Paduka, gesang kula sembada.
  
3. Dhuh Roh Suci, Roh Kristus, nuwuhna manah tulus;
   andum berkah kabegjan, tan mawang mring salir tyang,
   temah tentrem- raharja, sumrambah mring sesama.
   Wit panuntun Paduka, kula gesang sembada.
288. SANG ROH SUCI DEDALEM ING ATI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sang Roh Suci dedalem ing ati,
amrih tyang gesang enggal sejati,
tumemen olah katresnan,
wah karoban kabingahan,
Sang Roh Suci dedalem ing ati.

2. Sang Roh Suci dedalem ing driya,
   temahan geang tentrem- raharja,
   sabar, sareh, paramarta, kautamen dentengenna,
   Sang Roh Suci dedalem ing driya.
  
3. Sang Roh Suci dedalem ing ati,
   damel tyang pitados setya- bekti,
   andhap-asor, alus- budi, saged ngemudheni dhiri.
   Sang Roh Suci dedalem ing ati.
289. SANG ROH SUCI MUGI PARENG
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sang Roh Suci mugi pareng anedhaki tyas kula,
dimen a tentrem rahayu, kapenuhan ing tresna.

Reff.
  Dhuh Gusti kang setya,
  Paduka kulandelaken;
  mugi pareng nedhakaken
  Roh Suci ing tyas kula.
  Gusti, mugi nucekaken tyas kula.
 
2. Sumangga cahya Paduka amadhangna tyas kula,
   mugi pepetenging dosa binirata sadaya.
  
   Reff.....
  
3. Mugi ngirid lampah kula mant pangreh Paduka.
   Paduka kula bekteni ngantos dugeng wekasan.
  
   Reff .....

4. Kula mugi sinungana kaunggulaning yuda,
   dimen tentrem - arahayu nggen kula pecat nyawa.
 
  Reff.....
Senin, 22 Januari 2018
290. SANG ROH SUCI ROHING AGESANG
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sang Roh Suci rohing agesang
mugi nyagedna pasamuwan,
mbabar adil lan bebener nyata,
wah bebrayan tentrem raharja.

2. Sang Roh Suci, rohing pepadhang
   saestu nuntun pasamuwan,
   tansah martosaken Injil Suci,
   ngluberken berka mring sesami.
  
3. Sang Roh Suci, rohing kanyatan,
   mugi nggigaha pasamuwan,
   klayan tulus masrahaken dhiri,
   mrih pulihing Pirdus ing bumi.
291. SANG ROH SUCI ROHING ALLAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sang Roh Suci Rohing Allah kang nucekken manah,
kang nuntun mring Sang Pamarta mrih sinung waluya.
Lamun nulak rehing dosa kanthi trusing diya,
manggih gesang nyata wah sampurna aneng swarga.

Reff.
  Kula samya gung kapotangan,
  wit sih ing Pangeran.
  Yogya gesang mursid yekti,
  manut Sang Roh Suci.
 
2. Roh Suci Rohing Kayekten maringi kasekten,
   mrih tyang pitados nekseni sih- rahmating Gusti,
   lamun tansah welas - asih mring sagung sesami,
   ndherek ing kamulyan luhuring Sang Kristus Gusti.
  
   Reff....
  
3. Roh Suci Rohing Pepadhang kang ngenggalken gesang,
   nekseni sajroning manah kula putreng Allah.
   Lamun tanggon mikul salib ndherek Sang Pamarta,
   dadya ahli warising Allah nunggil Sang Putra.
  
   Reff....
292. SANG ROH SUCI, ROHING KATRESNAN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sang Roh suci, rohing katresnan,
nuntuna mring kula slaminya;
nyingkirna raos pasulayan,
amrih jagad tentrem raharja,
ngrukunken tyang kang cecongkrahan,
mbereg nilar tumindak dosa;
ngiyatken manah ingkang semplah.
Dhuh Gusti, nuntuna mring kula.

2. Dhuh Roh Suci, roh kasunyatan; nunggila mring kula slaminya,
   mrih babaring karsaning Allah wah tobating tyang ambek- siya.
   Labuh-labet sepi ing pamrih, nglawan panindhes klayan sih;
   tan ajrih pepalang - rubeda. Dhuh Gusti, nunggila mring kula.
  
3. Dhuh Roh Suci, roh kaadilan, ngantia mring kula slaminya;
   mbabar adiling Allah, kraharjan warata sumrambah.
   Nguwari tyang binanda dosa, nguculi jireting duraka,
   ngayomi tyang ringkih wah papa. Dhuh Gusti, nunggila mring kula
293. SUMANGGA, PRA KANCA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sumangga pra kanca
ngulukken kidung puja,
wit palimirmanya
sinungken mring manungsa.
Dene Sang Roh Suci
rawuh jroning ati,
ngenggalaken budi,
nutun gesang suci

2. Sumyaka sru ngidung nggunggung mring Hyang Maagung,
   kang paring Roh Suci angenggalaken budi,
   nuntun ula- tresna mring sagung sesami,
   mbabarken kraharjan, nyirik kekerasan.
  
3. Muji tan kendhat wah ngundhangken sih-rahmat,
   Sang Roh Suci uga mbelani tyang pracaya,
   mrih tan badhe semplah, nging sengkud makarya,
   mrih Kratoning Allah binabarna wrata.
294. TYASKU MUGA KASOKANA
( Kidung Pasamuan Jawi / KPJ )

Tyasku muga kasokana,
Roh e Hyang Ma suci,
Gusti kang asetya tuhu,
wus paring prajanji.

Reff.
  Dhuh Pamarta kang sinalib,
  kang mugi wontena Pentekosta
  agung malih, mradini ing donya
 
2. Gusti, mugi Roh Paduka tansah tumedhaka
   dhateng pasamwan Paduka,  wah ing manah kula.
  
   Reff...
  
3. Dhuh, mugi Rama myarsakken sambate pra putra,
   manah enggal, pinaringna dhumateng kawula.
  
   Reff....
  
4. Dhuh Rohullah, mugi mrasuk ing manah kawula,
   nunten suci miwah padhang, lan unggul ing yuda.
  
   Reff....
Kamis, 18 Januari 2018
295. WIT SANG ROH SUCI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Wit Sang Roh Suci, kula sagedna,
martosken Injil adi Kraton Swarga.
Wit Sang Roh Suci, kula sinung daya,
nekseni Yesus Gusti, Sang Pamarta.

2. Wit Sang Roh Suci, kula wicaksana,
   wijang nerangaken sabda karseng Allah.
   Wit Sang Roh Suci, kawula sembada,
   Nglampahi gesang tansah lembah- manah.
  
3. Wit Sang Roh Suci, kula datan semplah;
   nadyan manggih rubeda tansah panggah.
   Wit Sang Roh Suci, kula tan suwala,
   jroning kinaniyaya, tetep setya.
296. DHUH GUSTI, KULA NDONGAKAKEN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Dhuh Gusti, kula ndongakaken
sadherek enggal punika
saged amantep ing pitados
Tobata kang trus ing driya
sampun kawon dening panggodha
Angsalai di Pangeran,
supados wilujeng neng donya
tumekeng jaman klanggengan

2. Dhuh Gusti, kula ngongakaken
   sadherek enggal punika
   sageda mantep ing pitobat,
   sarta temen ing pracaya.
   Mugi Roh Suci ngaubana
   kawula sapasamuwan
   supados sami lestantuna
   dados kagungan Paduka.
297. GUSTI KARSA NAMPI LARE KANG SOWAN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Gusti karsa nampi lare kang sowan,
kang sinaosaken tyang sepuhira,
angupadi nyuwun mrih binerkahan,
srana tinumpangan dening astanya.

Reff.
   Gusti angandika, " Di kaya bocah,
   anggone nduweni kratoning Allah."
  
2. Nanging pra sekabat sami ngawisi
   lah nulya sedaya dipun dukani;
   awit lare' ugi kepareng sowan,
   sami tinampenan klayan katresnan.
  
   Reff....
  
3. Pra lare' adados putra prasetyan;
   dene tiyang sepuh darbe kwajiban
   nuntun yoganira bekti mring Allah,
   ngaturken pamuji kang trusing manah.
  
   Reff....
298. GUSTI KULA MAHATRESNA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Gusti kula Mahatresna,
Juru Pangen utami;
kanthi setya
pangreksanya,
mrih gesang kula suci.

2. Manah sisah dados bingah, wit Gusti kang mberkhai.
   Nadyan rempu miwah semplah, nggih Gusti kang ngrimati.
  
3. Wit Paduka Pangen setya, Putreng Allah satuhu;
   paring sabda manohara, mrih tyang gesang rahayu.
  
4. Gusti kula Pangen mulya puruging gung pasambat.
   Kula pasrah mring Paduka, kaluber ing sih-rahmat.
  
5. Mugi kula kauwalna saking lampah dursila;
   katuntuna manah kula dhateng kamulyan swarga.
299. KABINGAHANING MANAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kabingahaning manah yekti
tan wonten kang nglangkungi.
De kadang kang kulakasihi
nampeni baptis suci.

Reff.
  Dhuh Gusti, mugi tansah mberkahana,
  mrih mbabarna pracaya,
  nekseni asmaning Sang Pamarta
  wah gesang sembada.
 
2. Kraharjan kang ngerobi driya tan wonten timbangannya.
   De anak kang kula tresnani nampeni baptis suci
  
   Reff....
  
3. Kabegjan kang kula tampeni tan saged denlironi.
   De nadyan kula tyang kang dosa, nging wus baptis samangkya.
  
   Reff....
300. RAMA MUGI ANGLUBERNA BERKAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Rama mugi angluberna berkah
wongen ing satengahing padamuwan.
Para lare anak kawula sowan,
anampeni prasetyaning Allah.

2. Pasamuwan kadadosna suci
   wonten asmanipun Rama ing Swargi.
   Para lare dadosa tyang piniji,
   nggih pinaringan gesang sejati.
  
3. Sang Roh Suci wah sabda Paduka
   mugi nuntung tyang mantep ing pracaya;
   wit dosanya wus linebur, binirat.
   Gesangnya amung krana sih-rahmat.
  
4. Para lare kang nembe kabaptis
   namanipun ingkang sampun tinamtu,
   kanthi terang ing Kitab tinulis,
   katuntuna murih gesang rahayu.
301. BUJANA SUCI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Bujana suci punika kawula yakini
sanyata sariranta, roti gesang
ingkang Paduka paringaken,
rejeki saking swarga,
sumbering gesang langgeng

Reff.
   Kawula aturpanuwun, wit tetedhan punika;
   mugi kula kasagedna dados seksi Paduka.
  
2. Bujana suci punika kawula yakini sanyata sariranta,
   dados srana panunggil kita para jiarah kalayan para suci
   kang mulya aneng swarga.
  
   Reff.....
  
3. Bujana suci punika kawula yakini sanyata sariranta,
   sumber gesang greja Paduka kang makarya,
   ngundhangaken katresnan dhateng salir manungsa.
  
   Reff.....
302. DHUH ALLAH KANG MAWILASA
( Kidung Pasamuwan Jawi/ KPJ )

Dhuh Allah Kang Mawilasa, Paduka aparingsih
Kula kasandhangan dosa, nging Paduka kang ngaksama;
tansah amaringi sih piwlas kang mahaluwih.    x 2

2. Bujana suci kang nggugah rumaose pra kanca,
   iba kawlasane Allah mring kula wah tiyang kathah,
   duk masrahken Kang Putra, amrih kraharjan kula
  
3. Roti kang cinuwil- cuwil sarta sami dentedha,
   yeku salirane Gusti. Semana pinaringaken,
   maedahi pra sakabat, miwah tiyang sajagad
  
4. Gusti ingkang maringaken sliranipun piyangga,
   sestu dipun tombokaken nggenipun angentasaken
   para wumat sadaya ingkang sami pracaya.
  
5. Tuwung kang sami denombe, ibarat rahe Gusti;
   rahing prajanjian -anyar, samana winutahaken
   dados lantaranira pangapuntening dosa.
303. DHUH, CEMPENING ALLAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

K. Dhuh, Cempening Allah, Ingkang nebus disaning tyang sadoyo
U. Melasana kula.
K. Dhuh, Cempening Allah, ingkang nebus dosa kawula.
U. melasana kula.
K. Dhuh, Cempening Allah, ingkang nebus dosa kawula.
U. Malasana kula, melasana kawula.


K : kantoria, pemimpin pujian, pendeta
U = pasamuwan
304 a DHUH, CEMPENING ALLAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

K. Dhuh, Cempening Allah,                            )
U. Ingkang nebs dosaning jagad, kula kawelasanna !  ) x 2
K. Dhuh, Cempening Allah,
U. Ingkang nebus dosaning jagad, paringa katemtreman !

K : kantoria, pemimpin pujian, pendeta
U = pasamuwan


304 b. DHUH, CEMPENING ALLAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Dhuh, Cempening Allah ingkang nebus dosaning jagad,   )
kula kawelasanna !                                    ) x2
Dhuh, Cempening Allah ingkang nebus dosa ning jagad,
paringa katemtreman !
305. IBA KASAENANING GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Iba kasaenaning Gusti,
andhawahaken bujana
mring para abdine; kasuprih
mentepipun pracaya,
punapa malih rukun ira,
de pitungkasing Pangeran
dhateng para sakabatipun
kinen sami sihsinihan

2. Mila kula gadhah panyuwun, kang mugi - mugi wontena
   sih jumurunging Gusti pyambak, nggen kula sami bujana;
   supados sestu andadosna tetepipun ing pracaya
   saha indhaking tersna kula mring pra sadherek sadaya.
  
3. Gusti, nggen kula niti priksa kawontenaning tyas kula
   saestu sageda pinanggih, kang dados klepatan kula;
   saha denakeni tumunten, mboten kula pitambuhi;
   aluwung nyuwuna apunten, kang sarta tobat ing Gusti.
  
4. Punapa kula ngenget-enget dhateng pisakit Paduka,
   mangka mboten purun neangsa ngrumaosi lepat kula ?
   Punapa sanes dosa kula kang denrembat dening Gusti
   mila sawarnining piawon sageda kula singkiri ?
306. KAWULA KAPARENGNA SOWAN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kawula kaparengna sowan
wonten ing pakempalan,
sanadya kawula mboten pantes
tampi sihpiwlas Paduka.
Awit krana kurban Paduka,
kawula sinucekken,
supados kawula kaanggep
pantes ndherek kembul bujana.

Pisowan kula parengna.
Roti anggur puniki sesarengan
tetagesang kang kula lampahi,
damel rena Paduka.
Lambang srira wahrah Paduka
ingkang kawula tampi,
dados srana kawula gesang langgeng
nunggil Paduka ing Kraton Swarga.

307. KULA NIKA TIYANG DOSA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kula nika tiyang dosa
lan sami timbalan.
Dening Gusti Kang Masuci,
mrih sami tetunggilan.

2. Kang nimbali wus nyawisi bujana ingkang suci,
   ingkang suka, manah rena; mila gung kula puji.

3. Allah nrima dhateng kula punika panjerira
   anggur roti kang denbukti minangka kang sarira.

4. Tiyang dosa lan duraka kang sami tinedhanan,
   angger tampi wlase Gusti, samyangsang kanugrahan.

5. Gusti mulya, Kang Wilasa, kang nampi tiyang dosa,
   manah kula sinucekna lan angsala santosa.
308. KULA SAMI SESARENGAN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kula sami sesarengan kembul bujana suci,
yeku pratandhaning kurban, nggih kurbanipun Gusti.
Roti anggur ibaratnya sarira miwah rahnya.

2. Bujana suci puniki sesengkeraning Gusti,
   ingkang den agem sarana ngrimat pitados kula;
   temahan saged ngraosken tentrem - rahayu langgeng.

3. Kang nyawiyah bujananya tan panten pisowannya,
   kedah kanthi panalangsa nggetuni dosanira,
   kalayan manteb ing manah ajrih - asih mring Allah.

4. Kembul ing bujana suci martosken sihing Gusti,
   dennya anglampahi seda dados Panebus kula.
   Samangke kula nekseni, dimen jagad ngugemi.
309. LAMUN SIRA ING BEBAYA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Lamun sira ing bebaya,
aywa mangum tataga !
Tatag tanggon tan suwala,
Gusti Allah datan tega ;
mesthi paring kuwawa
mbengkas godha rencana.

2. Lamun bebaya ndrebala, adoh sih pitu;ungan;
   tindak culika anyerang aywa geter kalimpungan,
   aywa gawe sumelang; eling Gusti, prayogi.

3. Duk ginubet kasusahan, aywa miris lan kwatir !
   Nyuwun Gusti pitullllungan, duk sedhih metek anindhih,
   Lah, iku kapasrahna mring Gusti Mawilasa !

4. Aku pracaya Sang Sabda, datan cidra ing janji,
   ugi datan damel cuwa mring kang purun anyelaki.
   Sabdanya iku ya amin; hayu kang manut denpimpin.
310. NYAWAKU, SIRA NGAOSNA PUJI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Nyawaku, sira nyaosna puji
mring Pangeran Allah Kang Maha suci.
Sabatinku ngluhurna asmane.
Dhuh nyawaku, Yehuwah kamulyakna !
Aja lali mring gunging kadarmannya.
Eling ana sawiji wijine.

2. Pujinen kang ngapura disaniram kang marasaken sagung lelaranira
   nebus uripmu saking antakam kang ngerobi sira lan kawlasan,
   kang maregi umurmu lan kadarman, wah ngenomke kakuwatanira.

3. Sepira langit angungkuli bumi, samono dunging sihe Kang Masuci
   mring wong kang nyaosi pangabekti. Sepira dohe kulon saka wetan,
   ya samono sihe Kang Mawikan ngedohke dosa lan kaluputan.

4. Kadya tresnane bapa mring anaknya, mangkono Allah dennya sih - mirma
   mring wong kang nyaosi pangabekti. De mirsa dumadiku saka apa,
   sarta datan supe ing salaminya, yen mung lebu kaananku iki.
311. PANGERAN KANG MAWILASA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Pangeran Kang Mawilasa,
Paduka aparing sih.
Kula kasandhangan dosa,
nging Paduka kang ngaksama.
Tansah amaringi sih piwlas
Kang Mahaluwih.

2. Bujana suci kang nggugah rumaose pra kanca.
   iba kawlasane Allah mring kula wah tiyang kathah;
   duk masrahaken Kang Putra amrih kraharjan kula.

3. Roti kang cinuwil - cuwil sarta sami dentedha,
   yeku salirane Gusti, samana pinaringaken
   maedahi pra skabat miwah tiyang sajagad.

4. Tuwung kang sami denombe ibarat rehe Gusti,
   rahing prajanji anyar, samana winutahaken
   dados lantaranira pangapuntening dosa.
312. PUNAPA KANTHI SAESTU
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Punapa kanthi saestu
nggen kula sami ngakeni
gesang ingkang kebak dosa,
sinanggi ing siyang ratri,
wit saking ringkih ing jalma,
tan saged dipun endhani.

2. Punapa klayan tyas tulus ngakeni Gusti pribadi
   nggenipun sangsara seda, wit nebus disaning jalmi.
   Saiba nggen kula begja, mila mangga den sowani.
 
3. Punapa kanthi satuhu nggen kula masrahken dhiri,
   mrih lampahing gesang kula manut sakarsaning Gusti
   kang nuntun mring karaharjan, wit tresnanya lair-batin.
 
4. Punapa klayan saestu anggen kula ndherek Gusti;
   saos sokur tanpa kendhat, krana Gusti tansah nganthi,
   ingangkah wilujeng kula, wah tentreming tyang sabumi.
313. TUMRAP WONG KANG NDHEREK
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Tumrap wong kang ndherek kembul ing bujana,
Gusti Yesus wus angandika, " Aku nunggal kalawan kowe . "

Aku rotining urip saka swarga, kang gelem mangan ora baal mati.
Roti iki sanyata badanku, dak pasrah ake, mrih urip ing donya."

" Sapa kang padha mangan dagingku  lan uga ngombe getihku,
bakal nduweni urip kang langgeng, lan dak tangek ake ing akir jaman. "

" Kaya Sang Rama kang kepareng ngutus Aku, lan Aku ana ing Sang Rama,
ya mengkono uga kang mangan Aku, bakal urip krana Aku. "
314. WONTEN ING BUJANA SWARGA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Wonten ing bujana swarga tahsih langkung panggenan.
Angger tyang dosa mratobat, mesthi nggih sinuruhan.
Gusti ngutus pra abdinya ngundangken ing sajagad
dhateng sawarnining jalma kang ngrumaosi cacad.
" Rungokna ! Neng swarga, isih luwih panggonan.
Wong dosa, mareka ! Sira kang sinuruhan. "

2. Mila swawi kanca, kula samnya marek mring Gusti,
   kang tan nampik tiyang dosa kang kelik dados suci.
   Sinten rumaos klepatan wah kawratan ing dosa,
   nilingna Injiling Allah kang ngumandhan asora.
   " Rungokna ! Neng swarga isih luwih panggonan.
   Wong dosa, mareka ! Sira kang sinuruhan."
Rabu, 10 Januari 2018
315. BRYAYAT KANG TENTREM GESANGNYA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Brayat kang tentrem gesangnya,
sumarah mring Pangeran;
santosa wah tetep panggah sajroning karibedan.

Reff.
  Dhuh Gusti, mugi Paduka paringa
  sih wilasa, darapon kula
  kuwagang mudhi dhawuh Paduka.

2. Nadyan jagad peteng nghedhet, wah sepi ing katresnan,
   nanging Gusti dadya dilah, tansah sung pitulungan

   Reff...

3. Nadyan ardi gung selanya, lembah peteng marginya,
   Gusti tansah karsa nuntun, amrih leres lampahnya.

   Reff....
316. BRAYAT KANG TIANGSULAN ING TRESNA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Brayat kang tinangsulan ing tresna,
tetales pitados mring Gusti,
nesthi ayem tentrem lan raharja,
atut rukun wah lestari,
silih asah lan asih,
silih asuh tan pamrih,
temah adeging brayat puniki,
neng semken mring sesami.

2. Brayat kang tresnanira sejati, kados  sihe Sang Kristus Gusti.
   Lung - tinulung silih angladosi, tan nguja karseng pribadi.
   Yen bebaya anrajang, linawan sesarengan,
   temah adeging brayat puniki, nengsemken mring sesami.

3. Brayat kang mbangun - turut mring Gusti, tegen ngedonga lan ngabekti,
   kraos lan rumaos nampi berkah, jroning bingah dalah sisah;
   gesangnya kagem Allah, blaba berbudi tansah,
   temah adeging brayat puniki, nengsemen mring sesami.

4. Brayat ingkang satuhu sembada, tamtu datang annguciwani,
   kalamun pinaringan momongan, pierdi bekti mring Gusti,
   mrih setya lembah - ati, blaba gemi - nastiti,
   temah adeging brayat puniki, nengsemken mring sesami.
  
317. DUK KINA SAMPUN DHINAWUHKEN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Duk kina sampun dhinawuhken,
"Tan prayoga yen manungsa gesangnya pyambakan kewala,
lah Ingsun karya jodhonya !"
Lah ta, samangkya kanca kawula wus sinungan jatukrama,
minangka rencang kang sembada,
gesang neng ngarseng Pamarta.
Sugeng bagya ! Mugi karana saking rama punika,
Allah kluhurna !

2. Kawula para kanca sami, atur puji jaya - jaya;
   maring nggenipun kanca pala - krami, tinunggila begja - arja;
   luluta lir mimi lan mintuna, runtung - aruntung sinihan,
   wah sesarengan nambut karya kangge Kratoning Pangeran.
   Sugeng Bagya ! Mugi karana nggennya krama punika,
   Allah kluhurna !
318. GUSTI ALLAH INGKANG MAASI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Gusti Allah Ingkang Maasih;
wit saking sihrahmatipun
sampun nimbali tyang kekalih,
gesang tansah atutrukun.
Tan prayogi lamun ngantos pisah,
wit saking wangkoting manah,
nging kekalihnya tunggal ati
lung tunulung gesang suci.

Koor.
  Brayat begja wit tinunggil
  Allah Sang Rama, Sang Putra,
  wah Sang Roh Suci.

2. Gusti wus nitahken manungsa nulad ing pasemonira
   jalu - wanita, kekalihnya sesami rowang sembada,
   kinen tansah sami memitran, mrih mekar jatining gesang,
   tansah dados margining berkah mring brayat wah mring tyang kathah.

   Koor :...

3. Gusti mberkahi tyang ningkahan, kinen mbangun kulawarga,
   dados sakahing pasamuwan, temah tuwuh lan ngrembaka.
   Brayat tansah pinannggih raharga, wit misungsungken gesangnya,
   mrih rawuhing Kratoning Swarga, temah rahayu warata.

   Koor: ...
319. KADYA ADAM LAN HAWA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kadya Adam lan Hawa kang dedunung neng Pirdus,
ajrih asih mring Allah, ngabekti kanthi tulus.
Tresna nya murni, gesang nya suci,                     )
rukun setya wah lestari, tansah tinunggil Gusti    ) x 2

2. Tiyang kang sesemahan kang dadya putreng Allah,
   ngudi ing kamursidan, asih mring sagung titah
   Jujur ing lampah wah lembah - manah,                      )
   arum jroning pirembagan, kekah dennya bebrayan    ) x 2

3. Tiyang kang sesemahan kang bekti mring Pangeran,
   bingah nggunggung Hyang Widi, sisah ngaub mring Gusti.
   Darma - bektinya landhesan sabda,                        )
   dadya lantaraning berkah ing bebrayan akathah.    ) x 2
320. KANG NUNTUN LAKU UTAMA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kang nuntun laku utama
yeku sabdaning Allah.
Wulangna mring brayat ira
tan kendhat saben wayah.

Reff.
  Gya undhangna sabedeng Allah
  babaring sih rahmatnya,
  mrig sagunging pra tumitah,
  amrih tentrem raharja.

2. Brayat di tansah angudi nilingke sabdeng Gusti
   sarta padha anindakna kanthi tulusing driya.
   Reff....

3. Brayat di tansah ngabekti ndedonga lan memuji;
   nampa sabda saka swarga, ngabdi kanthi sembada.
   Reff....

4. Brayat kang manunggal budi, karem sabdaning Allah
   gumregut dennya leladi sumaos mring Yehuwah.
   Reff....
321. KULAWARGA KANG RAHAYU
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kulawarga kang rahayu,
lamun Gusti angayomi
srana tresna kang satuhu,
tansah nuntun wah nganthi.

Reff.
  Mathur nuwun konjuk mring Gusti,
  dekarsa nuntun salaminya;
  sakathahing urmat wah pamuji
  tansah sumengka ing ngarsanya.

2. Aneng donya dalannya,
   endi kang bakal ingambah.
   Dalan  bener mung sajuga,
   yeku margining Allah
   Reff....

3. Kulawarga tetep panggah,
   lamun Gusti kang ngayomi;
   jroning sudah dalah bungah,
   datan pegat ngrimati.
   Reff....

4. Dhuh Roh Suci mugi rawuh,
   angebeki tyas kawula,
   amrih kula tansah tangguh
   mujudaken sih-tresna
   Reff...
322. LENGGAH JAJAR TANDHA SIH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Lenggah jajar tandha sih,
manah kalih nunggih dadya sajuga;
tresna kang kanthi tulus,
dadya kembang pasrening balewisma.
Sestu dinten kang endah,
ari manunggaling kadwi wardaya;
Samangkya sejarah nyitra prasetya
kang wus kawahnya,
jroning bingah lan sisah asetyaa

Reff.
  Ooo, kula angaturken sugeng lelumban ing bebrayan agung
  Ooo, Gusti angersakken sih katresnan kang langgeng salaminya.
  Ooo, kula andongakken kabagyan, katentreman balewisma.
  Ooo, Gusti, angarsakken cahyaning gesang panggah sumunara.
323. MENDAHNEA RAHAYU TYANG GEGRIYA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Mendahnea rahayu tyang gegriya
klayang tansah rumaket mring Gusti,
kang dadya mitra lang tuing basuki,
sarwi bingah prentahnya pinundhi.
Sekakapti anilingken sabdanya,
angabekti Allah klayan eklas.
Rinten dalu angluhurken asmanya,
myang sumuyud kalayan trusing tyas.

2. Mendahnea rahayu tyang semahan,
   klayan nunggil tresnanya mring Gusti.
   Runtang - runtung dening sih - sinihan
   klayan saeka- praya lan budi.
   Sadinten- dinten sami ngajeng - ajeng
   idining Gusti sarwi memuji.
   Ing satitah nrima klayan pitajeng
   saha tresna dumugi ing janji.
324. NENINGKAHAN KANG KINEKAHKEN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Neningkahan kang kinekahken lan binerkahan deneng Gusti,
dados brayat kang sinengkering
patunggilan ipun Hyang Maha suci;
sembada ing prang rohani,
nglawan Iblis julig yekti.
Tumemen ing pandonga wah nggegilut sabdanya,
nggunggung sih rahmate Rama,
mersudi ing kamursidan,
miwah geang masamuwan,
tan lali dados seksi
wah lelados sesami,
mbabar sih tresnaning Gusti.

2. Neningkahan kang kinekahken lan binerkahan dening Gusti,
   brayattira sami sinengker, amrih setya binabar ing pra janji.
   Kanthi temen dennya merdi srana nuntun nuladhani,
   dimen sregep ngabekti, ndedonga lan memuji.
   Tansah setya dugeng janji,
   kanthi tegen nggulawenthah, dimen dadya putreng Allah
   watek pradhah lembah - manah.
Jumat, 05 Januari 2018
325. PUJI MIWAH PANUWAN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Puji miwah panuwan konjuk mring Gusti,
krana Paduka keparenga maringi.
Kepara dangu nggen kawula ngantuantu.
tan kendhat siyang tanapidalu.

Reff.
   Iga kawula dangu ical                    ( priya )
   Samangkya kawula angamping     ( wanita )
   Iga kawula dangu ical                    ( priya )
   Samangkya kawula anulungi         ( wanita )
   Kula kekalih dadya sajuga,
   krana karsanya, anunggil sedya;
   ngladosi Gusti ing salami laminya.
  
326. PUNIKA BRAYAT KULA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Punika brayat kula, brayat tentrem kang ngangeni.
Sinten dados tanggelan ?namung Pangeran pribadi.

Reff.
  Saiba prayoginya, lamun Gusti kang rumeksa,
  temah tanpa rubeda, sagotrah manggih raharja.

2. Saiba endahira, tyang -sepuh dadya tuladha,
   sagung para putra sami nulad pakartinya.
   Reff....

3. Nalika nandhang sisah, kula sadaya ndedunga;
   kala ngraosken bingah, saos sokur kang sumengka.
   Reff....

4. Sagriya angudia dadya brayat kang rumantya,
   ngantos dados panutan tumraping brayat sembada.
   Reff....
327. RAHAYUA SALAMANYA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Rahayua salamanya panganten kang mangkya binerkahan;
apra janji gesang suci, mbangun turut lan setya mring Gusti.

Reff.
  Saosa sokur saben wektu,
  kanthi sawutuhing uripmu;
  ngabektia, leladia,
  dadia seksining  sihrahmatnya.

2. Rahayu salamanya panganten kang tinunggil Pangeran;
   kanthi tekad lan semangat, lumadi, lumadi mring karsane Sang Rama
   Reff...

3. Rahayu salamanya panganten kan rukun sih-sinihan;
   jroning bungah dalah susah tunggal ati mring lampah utami.
   Reff...
328. SADHEREK KULA NIKI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sadherek kula niki kang sami ningkahan,
kula pepujek aken wonten pasamuwan.

2. Kang mugi Gusti Allah
   maringana idi
   kang dados wilujenge
   nggene palaksami.

3. Pundi dununging tresna,
   kadhawahan berkat,
   kanggenan Gusti pyambak
   lan urip tan peget.

4. Panjangan umurira
   cekapa rejeki,
   tulusa sih - sinihan
   dumugi ing janji.
329. SAIBA GUNGING NIKMATNYA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Saiba gung ing nikmatnya,
lamun sadherek sagriya sami rukun ing pitepangan.
Pundi dununging katresnan,
mesthi tansahka dhawahan berkahing Allah
lan kraharjan, kanggenan Allah pribadya,
miwah gesang salaminya.
330. SANYATA PRAYOGI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sanyata prayogi wah endah mulya,
tyang sagriya rukun sesambetannya,
ngronce katresnan sejati.
Berkahing Allah tansah ngerobi
lir ebun enjing kang anyrambahi,
mung kraharjan kang pinanggya.

2. Bapa ingkan angesuhi brayatnya,
   kadya imam lelados timbalannya,
   ngalntarken berkahing Gusti.
   Brayat tansahguyub tunggal ati,
   sarwi bingah pinanggya lestari,
   ayem - tentrem pandumannya.
331. SAPUNIKA DADOSA LEMBARAN ENGGAL
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sapunika dadosa lembaran enggal kawula;
datan liya krana timbalan Paduka.
Pasrah kawulantan pareringa;
punika pangidung kebabar ing gesang kula.
Menawi kawula ngadeg jejeg ngantos wekdal punika,
sanes wit kiyat kawula.
Sadaya sestu karsaning Gusti,karana sih rahmat.
Sengara kawula saged gesang mandhiri.
Matur nuwun Gusti !.

332. TENTANGSULING DHAUP SUCI

332. TENTANGSULING DHAUP SUCI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Tetangsuling dhaup suci
suh awet sahamanis
nunggilken manah kekalih,
temah saekakapti.
Sesami rukun atut rutut
wah tresna ira salulut,
sami mukti saestu.

2. Dhuh Allah purbaning tresna, atur panyuwun kula.
   mugi parenga ing karsa Paduka paring idi
   sarta malih anjangkungi sadherek kula puniki
   panganten jaler - estri.

3. Mugi nggennya palakrama kalulusna Paduka,
   ginanjar berkah mulya, nggih berkhaing katresnan
   enthenga bot-repotira, tebiha bencananira
   tiyang gesang neng donya.

333. TYANG KEKALIH JAWAT- ASTA

333. TYANG KEKALIH JAWAT- ASTA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Tyang kekalih jawat asta tandha manah sajuga,
sinartan janji satuhu, tresna tinresnan saestu;
salaminya setya tansah, jroning bingah dalah sisah,
netepi ing kuwajiban, mrih utami ing bebrayan.

2. Janji tamtu dentetepi, wit Gusti wus ngidini;
   kinekahken, binerkahan, sineksenan pasamuwan,
   nedya tansah gesang suci srana mbangun - turut Gusti,
   temahan brayat raharja, gesangnya dadya tuladha.

3. Kalpika kencana adi, tengering janji suci
   pinasang ing driji manis, sinartanan tembung aris
   "Kalpika tandhaning tresna, kang langgeng ing salamanya,
   sira iku sisihanku, telenging sih mung sliramu.

334. OJO SUMELANG

334. OJO SUMELANG
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Aja sumelang bab uripmu, ywa uwas ing kalbu
Yen pepeteng nglimputi ati,
ngayoma mring Gusti.

Reff.
Allah yeku Rama, ngreksa sira salaminya
Pasrah sumaraha, mrih tentrem raharja

2. Lamun tininggal sanak - kadang, ywa semplah ing driya
   Yen kamukte, kamulyan ilang, mantepa pracaya
   reff...

3. Lamun ngalami kacingkrangan, tatag di prayitna.
   Yen tansah rinidhu  panandhang, teguh den waspada
   reff....

Rabu, 03 Januari 2018


335. ANA PRAU LAYAR

335. ANA PRAU LAYAR
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

1. Ana prau layar margi raharja,
   Gusti kang dadi Juru mudhi nira;
   sapa kang arep uwal king cintaka,
   nunggang aning prau ne mesthi waluya.

Koor.
   Nungganga kanca! mara nungganga !
   Aja wedi ing ombak wah prahara;
   de prau ne Gusti mesthi datang kentir,
   mesthi slamet lakune. Mula ja kwatir.

2. Tan ana pangunsen liyane Gusti,
   kang wus ananggel karaharjan kula.
   Tan ana maneh prau kang santosa,
   wah kang bakuh nadyan tinempuh prahara. koor ....

3. Lah dharate wus katon neng tekan.
   mung pira antaranya, nuli tekan.
   Mula ja was atimu nging giranga,
   mesthi tan kapiran angger wong pracaya. Koor ....

4. Aku ya wus nunggang praune Gusti,
   mulane ayem lan enggar ing ati;
   angine ribut myang ombake agung,
   mulane tan kwatir malah kudu ngidung.  Koor .....

336. ANENG PATUNGGILANE GUSTI

336. ANENG PATUNGGILANE GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Aneng patunggilane Gusti
sarana nunggil baptisNya,
pasamuwan dados sawiji,
tunggil manah lan pracaya.
Neng patunggilane Roh suci,
ngajeng ajeng kasampurnan.
Pasamuwan Paduka
mugi saya kekah tetunggilan

337. DAHAT NYAWAKU AREREM

337. DAHAT NYAWAKU AREREM
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

1. Dahat nyawaku arem rem,
   lan atiku ayem tentrem,
   wit Kang Ma kwasa karsa dadi
   etuking karaharjanku,
   Pamomong ku setya tuhu,
   wah bebateng lang panggungsenku.
   Aku mesthi datan rebah,
   wit rineksa dening Allah.

2. Dhuh nyawaku sinaosna,
   reremira ing wardaya
   mring Allah kan dakanti-ati.
   Dene Yehuwah Pangeran
   kang dadi parang santosa,
   pangauban lamun siniya;
   aku mesthi tan gumiwang,
   wit Allah kang mengku gesang.

3. Allah Maluhur kang dadi tuking
   berkahing pra abdi,
   peparangku kang asantosa.
   He, bangsaku mumandela
   mring Allah ing salamanya,
   sarasaning driya saosna
   mring Allah Kang Mahasetya,
   kang dadi pangungsen kita.

338. GREJA PRASASAT BAITA

338. GREJA PRASASAT BAITA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

1. Greja prasasat baita neng tengah samodra,
   Kristus kang dadya panutan enering lampahnya.
   Nadyan tan sepi babaya, ombak , lan prahara,
   mesthi tulus kang sinedya, gisik ing sampurna,
   angger tansah tan suwala mring sagung pangrehnya,
   temah sembada widada, kalis sing rubeda.

Reff.
   Ayo disetya tulung tinulung tunggal sedya,
   karya aneng Sang Pamarta ngantos salaminya.

2. Greja prasasat baita neng tengah samodra
   Kristus kang dadya panutan enering lampahnya.
   manuta pandoming lampah, nggih sabdaning Allah,
   nyingkirna watu karang sengseming kadonyan,
   mrih tan nemahi ciaka, karem ing samdra,
   temahan tan bisa dadi seksi kang sembada. Reff...

3. Greja prasasat baita neng tengah samodra
   Kristus kang dadya panutan enering lampahnya.
   Samangsa prahara nempuh, iman kudu kukuh,
   Samangsa pedhut sumrambah, aja gampang semplah.
   Nadyan ombah mbilaeni, aja cilik ati,
   wit Kristus pyambak kang nganthi, mrih Greja lestari. Reff...

4. Greja prasasat baita neng tengah samodra,
   Kristus kang dadya panutan enering lampahnya.
   Yen tan padha tunggal ati, nemahi bilai;
   baita lepas padha tunggal ati, nemahi bilai;
   wit sayektine babaya neng tengah samodra,
   uga king jroning baita, mula di waspada. Reff....

339. IBA DENNYA MBINGAHAKEN

339. IBA DENNYA MBINGAHAKEN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

1. Iba dennya mbingah aken,
   yen ing sajagad wrata,
   kaadilan den agungken,
   binabar aneng donya.

Reff.
   Srana sih katersnan tulus,
   lah jagad dados Pirdus.
   Sagung tumitah rinimat,
   rinoban ing sih rahmat.

2.Iba dennya nengsemaken,
   yen manungsa sabumi
   marsudi tentrem - rahajeng,
   mbabarken sihing Gusti. Reff...

3. Iba dahat endahing,
   pra titah tetunggilah,
   tunggil sedya sakapraya,
   rumaket trus ing driya. Reff...

4. Mila kula datang wigih,
   gya gumregut makarya,
   tumandang sepi pamrih,
   mung ayuning bawana, Reff....

340. ING PAPRENTAHANING ALLAH

340. ING PAPRENTAHANING ALLAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

1. Ing paprentahaning Allah,
   sadaya nengsemken,
   Para titah samya rukun,
   nilar pasulayan;

Reff.
   Sumangga, gumregut makarya
   kagem Gusti dados cihna,
   mrih tentrem rahayu sejati
   binabar aneng donya.

2. Sami dene angantosi
   migatosaken liyan
   supeket ing pasrawungan
   bekti mring Pangeran. Reff.

3. Kadya singa lan menjangan
   sami gegojegan,
   mantun dennya memengsahan,
   mlegung sesarengan. Reff.

4. Sami memitran saestu,
   tresnanya satuhu,
   wit pangrehing Hyang Makwasa
   makarya lumintu. Reff.

5. Makaten kaanan donya
   yen kebekan sihnya,
   tan ana sedya miala
   lan panggawe cidra. Reff

6. Kadya dhasaring damodra
   sinasaban toya,
   wit karoban kawruh
   yekti tepang Hyang Makwasa. Reff.

341. KADYA BEITA LELAYARAN

341. KADYA BEITA LELAYARAN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

1. Kadya baita lelayaran tanpa nakoda,
   Kontal kombul katrejang ombak ing samudra.
   makaten gesang kang tan wonten paedahnya,
   lamun Gusti Yesus tanpa nyarengi lambagnya.

2. Gusti Yesus karsa nuntun baita kawula,
   njangkung kanthi setya dumugi pelabuhan.
   Dhuh Gusti, Paduka andel - andel kawula,
   sumbering gesang ngantos dumugeng delahan.

342. KARSAA MIRSANI

342. KARSAA MIRSANI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Karsa amirsani, klayan premati;
punapa tresna kawula saestu,Gusti.
Paduka mamirsa, ndadar manah kawula
tapis tan ana kang kalangkung ana.

Reff.
   Kawula niteni  katrenan Paduka
   ing gesang kawula;
   sestu ngudi dugeng wekasan;
   wasana kawula ketitik setya

343. KULA NEDYA KADYA GUSTI

343. KULA NEDYA KADYA GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

1. Kula nedya kadya Gusti,
   gesang suci, gesang suci.
   Kula nedya kadya Gusti,
   gesang suci, gesang suci,
   gesang suci.
   kula nedya kadya Gusti,
   gesang suci

2. Kula nedya ajrih- asih dhateng Gusti,
   dhateng Gusti.
   kula nedya ajrih - asih dhateng Gusti,
   dhateng Gusti, dhateng Gusti.
   Kua nedya ajrih- asih dhateng Gusti.

3. Kula nedya olah -tresna mring sesami,
   mring sesami.
   kula dedya olah - tresna mring sesami,
   mring sesami, mring sesami,
   kula nedya olah - tresna mring sesami.

4. Kula nedya andum berkah mring tyang kathah,
   mring tyang kathah.
   kula nedya angum berkah mring tyang kathah,
   mring tyang kathah, mring tyang kathah.
   Kula nedya andum berkah mring tyang kathah.

5. Kula kangen katentreman nunggil Gusti,
   nunggil Gusti.
   Kula kangen katentreman nunggil Gusti,
   nunggil Gusti, nunggil Gusti.
   Kula kangen katentreman nunggil Gusti.

344. LAMUN DUDU YEHUWAH

344. LAMUN DUDU YEHUWAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

1. Lamun dudu Yehuwah kang ayasawisma,
   tan pa guna, tanpa gawe karyane tukange.
   Lah, ing samangkya kita andulu yasane.
   Saiba mulyanya pasamuwan e Gusti.

Reff.
   O, iba mulyanya,
   pasamuwane Yesus Gusti.
   Praabdinya setya lan bingah ing driya.
   nambut saliring pakaryane Gusti.

2. Lamun dudu Yehuwah kang ngreksa negara,
   tanpa guna, tanpa gawe njaga gapurane.
   Lah, ing samangya kita ngrasakke karyane,
   saiba nikmatnya ing pangreksane Gusti.

Reff.
   O, iba mulyanya,
   pasamuwane Yesus Gusti.
   Praabdinya setya lan bingah ing driya.
   nambut saliring pakaryane Gusti.

3. Lamun dudu Yehuwah kang maringi boga,
   tanpa guna, tanpa gawe luru sakatoge.
   Lah, ing samangkya kita nampa peparinge
   saiba begjanya pa kagungane Gusti.

Reff.
   O, iba mulyanya,
   pasamuwane Yesus Gusti.
   Praabdinya setya lan bingah ing driya.
   nambut saliring pakaryane Gusti.
345. NADYAN KULA AMICARA
345. NADYAN KULA AMICARA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Nadyan kula amicara ing saliring basa,
nanging sepu raos tresna kula sestu nglaha.

Reff. Kula winulanga tresna kang sejati,
      murih tansah setya nulada mring Gusti,
   kasaged na tresna kanthi trusing ati
   dhateng Allah miwah sesami.

2. Medhar wangsih wah wewadi, kula saged yekti;
   nanging tresna tan nyarengi, datan maedahi.
   Reff....
 
3. Nadyan kula ngaken sekti, sagah ngingser ardi;
   lamun tresna tan nyawiji, sestu mitunani.
   Reff.....
 
4. Nadyan kula kurban bandha, miwah jiwa-raga
   nging daksinya tanpa trena, amung damel cuwa
   Reff......
 
346 a. NDEDONGA LAN MAKARYA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Ndedonga lan makarya kanthi trusing driya
mbabarken sihing Gusti mring sagung sesami,
murih tentrem raharja sumrambah sadonya.
Asmanya Kang Mamulya pinuji slaminya.

2. Ndedonga lan makarya kanthi sukarena
   martosken Injil suci wrata ing sabumi,
   mrih sih rahmating Gusti tinampi sesami,
   temah samya wilujeng sarta gesang langgeng
 
3. Ndedonga lan makarya di tansah waspada
   Yen tinempuh panggodha tan dumiwang tiba,
   manggul salibing Gusti, manut ing prentahnya;
   tansah setya ngabekti lan manteb pracaya.
346 b. NDEDONGA LAN MAKARYA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Ndedonga lan makarya kanthi trusing driya
mbabarken sihing Gusti mring sagung sesami,
murih tentrem raharja sumrambah sadonya.
Asmanya Kang Mamulya pinuji slaminya.

2. Ndedonga lan makarya kanthi sukarena
   martosken Injil suci wrata ing sabumi,
   mrih sih rahmating Gusti tinampi sesami,
   temah samya wilujeng sarta gesang langgeng
 
3. Ndedonga lan makarya di tansah waspada.
   Yen tinempuh panggodha tan gumiwang tiba,
   manggul salibing Gusti, manut ing prentahnya;
   tansah setya ngabekti lan manteb pracaya.
 
347. PAPAN PANGIBADAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Papan pangibadah saestu ngangeni
kawula sami ngabekti, ngraosken nunggil lan Gusti,
ngluhurken asmanya, mirengken sabdanya.

Reff. Mareka, marek a kanthi manah tulus memuji,
      nampi berkahing Gusti, mrih saged mbabarken tresna
 
2. Papan pangibadah, papan ingkang adi;
   mangga nggumolongken manah, nyuwun manteping pracaya,
   mrih wantun nekseni sih rahmating Gusti
   Reff......
 
3. Sing papan punika kababara yekti,
   pratandha Kratoning Allah sumrambah mring tiyang kathah,
   temah tyang sajagad nembah Kang Murbeng Rat
   Reff.....
348. PASAMUWAN KAN NYAWIJI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Pasamuwan kang nyawiji, netepi sabdaning Gusti,
dadya paseksi sanyata, Yesus yeku Sang Pamarta.
Sih rahmating Allah tumrah maring sagunging tumitah.
Saliring tyang kang pracaya, basuki gesang ira.

2. Pindha badan mung sajuga, nging kathah peranganira.
   Pasamuwan kang manunggal, ambabarken gesang kang enggal,
   samidene mbiyantoni, wit sih sinihan lestari,
   tunggal ati, tunggal Gusti, nengsemken mring sesami.
 
3. Peparing kang beda- beda dadya pisungsung kang adya,
   mrih kamulyaning Pangeran; wah majenging pasamuwan.
   Sinangkul kang karepotan, nyingkir mring pasulayan
   mrih tuwuhing kamursidan, nggayuh mring kasampurnan.
 
4. Pasamuwan kang nyawiji nekseni Injiling Gusti
   nglantarken sihing Pangeran datan mawang mring salir tyang;
   mbelani tyang kang sangsara, nadyan beda ing pracaya,
   krana ajining manungsa citreng Allah Makwasa.
349. PASAMUWAN NYAWIJI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Pasamuwan nyawiji kang pasrah
mring Gusti kalawan tulus ing driya,
rahayu slamanya.

2. Salir pandonganya
   tempuk wah pinanggya
   dadya panggonga sumengka
   ing ngarsaning Rama
 
3. Kang temen pracaya,
   sangganing kadangnya
   nadyan sepira awratnya
   pinikul legawa.
 
4. Nadyan pepisahan
   sinartan tangisan,
   mugi Gusti Kang Mawikan
   nunggil ing delahan
350. RAHAYU WONG WEDI-ASIH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Rahayu wong wedi asih mring Yehuwah Allah e,
ka seng sem mring pepakone.
Turun e wong kang jujur kanggep ana ing tanah,
wis mesthi oleh berkah

2. Omahe wong kang pracaya kanggonan kaluberan,
   jujuring atine tulus tumekeng kalanggengan.
   Samangsa kepetengan, mesthi oleh pepadhang
 
3. Angger wong dhemen aweweh, tan sepi ing ganjaran.
   Wong kang loma datan rubuh ngarsane pangadilan.
   Wong mursid lan welasan slamanya ingelingan.
 
4. Atine salir wong mursid tan kuwatir, tan keguh,
   panglipure aneng Allah, ngunggul sakehing mungsuh,
   lan jujuring atine tulus ing salawase. 
Rabu, 13 September 2017
351. SAMANGKYA KITA MARDIKA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Samangkya kita mardika, rinuwat saking dosa,
ngegng ken bekti mring Gusti wah asih mring sesami.
Reff.
  Karaharjan lan kabegjan kang tansah ngiring gesang,
  karana Sang Kristus Gusti, kula singung basuki

2. Mangkya kita titah anyar tan winengku kadonyan.
   Kanthi setya sarwi bingar lelados mring Pangeran.
   Reff.......
 
3. Mangkya kita putreng Allah tansah nglantarken berkah.
   Mbelani tyang kang sangsara ngrimat tyang kang cilaka.
   Reff.........
 
4. Mangkya kita tyang pracaya kang tansah ndherek Gusti.
   Injil suci winartosna srana katresnan yekti.
   Reff.....
352. SANTOSANING TETUNGGALAN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Santosa ning tetunggilan wit saka katresnan.
Den sabar ing ati nira, sareh ing wicara.
Di padha lan di mumadi, tan ngedungken dhiri.
Kabeh iku kang ingangkah tandha sih mring Allah.

2. Atut - rukun angesuhi, timbalan lestari
   Yeku badan lan roh kita manunggal sajuga.
   Kadya pangesthi sawiji kang kita darbeni;
   yeku sih rahmate Allah kang luber ing berkah.
 
3. Tunggal baptis, tunggal Gusti, wah tunggal pracaya,
   tunggal sedya miwah kapti, yeku timbalannya.
   Kabeh pikantuh nugraha sih rahmat kang adi.
   Gedhe - cilik pinta - pinta samirmaning Gusti
353. SEMBAH BEKTI WAH PUJI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sembah bekti puji konjuk ngarseng Gusti,
kang mberkahi grejanya, temah tansah begja.
Injil kraton ing Allah ingundhangken sumrambah.
Asmane kamulyakna dening sagung bangsa.

2. Sagung kidung kamulyan konjuk mring Pangeran
   dalah pisungsung katur tandha saos sokur
   wit pangrehnya nyata dhateng umat kang setya.
   Asmane kamulyakna kanthi trus ing driya.
 
3. Salir kidung panggunggung konjuk Hyang Maagung,
   kang maring pasamuwan tansah sung pitulung.
   Nadyan panggodha nempah, greja panggah tan dhawah
   Asmane kamulyakna salami - laminya.
354. TETALESNYA SAWIJI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Tetalesnya sawiji, peparang sejati,
nggih Gusti Yesus Kristus, kang dadya marginya
adeging salir Greja ing tengahing donya,
mrih mbabarken sih rahmat mring tiyang sajagad

2. Greja tampi timbalan angabdi mring Gusti,
   mrih sami tetunggilan wah dados paseksi;
   lelados mring sesami, tresnannya tan kendhat,
   dadya sareming bumi wah padhanging jagad
 
3. Nadyan beda wujudnya, yektine sajuga,
   tunggal baptis lan Gusti pindha badan siji,
   tunggila kang sinedya myang sagung panjangka,
   mrih kebabar yen Yesus Sang Jurubasuki
355. WONTEN PUNDI DUNUNGING GESANG
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Wonten pundi dununging gesang ingkang mengku katentreman ?
wonten pundi Sang Jinebadan ingkang nuntun mring kaswargan ?
Reff.
  Kang kapireng swaraning puji ngumandhang aneng pamujan,
  mung Sang Kristus yeku sumbering katentreman wah kaswargan.

2. Dhateng pundi purunging tiyang
   ingkang kawratan ing dosa,
   tyang prihatos wah tyang kesrakat
   tinampen klayan legawa ?
   Reff......
 
3. Dhateng pundi tangis linipur
   amrih manggih kaayeman ?
   Ing pundi korining pitobat,
   dimen manggiha kaswargan ?
   Reff.....
356. ATUSAN TAUN SABANGSA JINAJAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Atusan taun sabangsa jinajah,
nging samangkya bebas wus mardika;
sestu mung krana sih rahmating Allah,
karana perjuangan aning tyang sabangsa.

Reff.
Agung sih ing Allah Hyang Maluhur;
swasi kinen tansah saos sokur,
kanthi giyak tumemen makarya,
mrih raharja lair wah batos kita.

2. Nagri kita Republik Indonesia
   tetalesnya yeku Pancasila;
   tangsul kekah pangiket tyang sabangsa.
   Mugi Gusti mberkahi mrih lestarinya.
   Reff......


357. ENDAHING SADULURAN
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Endahing saduluran manut rehing Pangeran,
sami dene ngajeni wah mbiyantoni.
Nadyan beda agama wah beda golongannya,
tunggal rasa, pambekan, pri kamanungsan.
Kluwung pindhanya, endahing warna,
nyawiji mbangun urip kang adya,
tentrem raharja.

2. Rukun ing pitepangan, sumanak ing rembagan;
   dhemen sung pangapura, nyirik piala;
   nging samnya silih ngalah, mbabarken tresna tansah,
   nulad ing sihe Allah mring sagung titah
   Reff.....
 
3. Rukun gawe santosa, crah mung bubrah wohira;
   ngestokna sabdeng Gusti, tresna sesami.
   Nadyan panemu beda, nging tan samya sulaya;
   olah kawicaksanan, tan nang menangan.
   Reff......
358. GUSTI BADHE KULA PUJI
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Gusti badhe kula puji
ingkang kanthi eklas ing manah,
wonten ngaheng ing pra ageng
ngungelaken pujining Allah.
Kawula badhe asujud,
ngucap sokur dhumateng Gusti;
dene kadarman Paduka
lan kasetyan tan ewah gingsir

2. Para rajanipun bumi badhe muji asma Paduka
   sasampuning sami nampi pangandika lesaning Gusti
   Sami memuji lan matur sagung sokur dhumateng Allah;
   sami ngidungken pangrehnya, wit tetela kaluhurannya.
 
3. Allah mesthi ngrampungaken samukawis tumrap kawula.
   Kawula kapitulungan ing astanya Ingkang Kawasa.
   Dhuh Gusti, berkah Paduka ing kawlasan, langgeng slamanya.
   Gusti mboten badhe nilar mring pakaryan slami - laminya.
359. INDONESIA NAGRI ADI
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Indonesia nagri adi, sestu kula tresnani;
tanah wutahrah tanah pusaka, paring Allah Rama,
wus tamtu tansah kula labuhi klayan eklas ing ati.

2. Indonesia nagri adi, gemah ripah loh jinawi,
   warni warni kewan, tetaneman, ulam langen lelumban,
   nedya kula jagi mrih lestari;
   niku paringing Gusti
 
3. Indonesia nagari adi, ewon pulo nyawiji,
   beda beda suku wah agama, ras lan golonganira.
   Tansah kula sesuwun mring Gusti,
   mrih bangsa wetah lestari.
360. INDONESIA NAGRI ENDAH
(Kidung Pawamuwan Jawi )

Indonesia nagri endah, peparinging Yehuwah;
mila kula dongakaken, mrih raharja wah tentrem

2. Allah yeku kang ngayomi bangsa dalah negari;
   ing sisah tanapi bingah, mung Pangeran sinembah
 
3. Kabegjan wah kaluberan mung krana sihing Gusti
   bebener lan kaadilan tansah kedah denudi
 
4. Bangsa nagri Indonesia mugi tansah lestari,
Kalis sing salir bebaya, wit rineksa ing Gusti
Rabu, 30 Agustus 2017
361. ING SAJAGAD WARATA
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Ing sajagad warata karoban ing sihe,
nging wong tan bisa ngulu kang amaring ake,
wit daleme aneng swarga, lenggah neng tengening Rama.

2. Gusti tansah nuweni, mberkahi pra bocah
   kang tansah ngabekti, jrih- asih mring Allah.
   Ing wayah rina lan wengi, denreksa saka bilai
 
3. Ing wayah awan, Gusti paring pagawean;
   nuli ing wayah bengi, paring pangasoan
   Mula kanca ja supe, payo ngluhurna asmane.
362. ING SATENGAHING BEBRAYAN AGUNG
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Ing satengah ing bebrayan agung,
mung Pangeran pantes ginunggung Rahmat nya binabarken
warata, rumentah mring titah sadaya.

Reff. Den tansah ndedonga lan makarya,
      mrih kababaring tentrem raharja.
  Nggih gesang memitran wah pasedherekan,
  wit tyang sadaya tresna tineresnan.

2. Nadyan beda basa sese bangsa,
   wah beda adat - budayanya,
   nging saestu punika sesami,
   kang kinasihan dening Gusti.
   Reff...
 
3. Sadaya datan pantes gumunggung,
   anggongasken dhiri kumlungkung;
   prayogi tansah lembah ing manah,
   ngrumaosi jejering titah.
   reff.....
 
363. KATHAH TYANG KANG REBATAN
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Kathah tyang kang rebatan drajad lan kamulyan.
nggih sami kami tegan, ngurbanken mring liyan.
Nanging tiyang kang pracaya ngengeti sesami;
panjang kakaudianut pangreh ing Gusti,

2. Kathan tyang kang rebatan saliring pangwasa
   silih damel sangsara, nyenyebar cintraka.
   Nanging tiyang kang pracaya mbabar sih wilasa;
   ngambah margining Allah, anglantarken berkah.
 
3. Kathan tyang kang rebatan bandha, raja - brana,
   srana damel panyiksa miwah raja pati.
   Nanging tiyang kang pracaya, mung mbabarken tresna;
   punapa kang dinarbe, kinarya nulungi.  
364. KAYA MANUK AGIRANG
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Kaya manuk agirang muji neng kekayon;
ya mangkono pujine bocah kan krahayon.

2. Kang maluhur tan supe paring sabutuhku;
   saben dinane nampi ganjaranku
 
3. Wayah esuk yen surya nethongol neng wetan,
   aku ditangekake klawan kabungahan
 
4. Wayah sore yen aku saka pagawean,
   Gustiku paring ngasi klawan kaayeman.
 
5. O, saiba tresnane Allah marang kita,
   mula aku ya tresna maring Hyang Makwasa.
365. MANAH KULA BINGAR
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Manah kula bingar lir pendah paksi,
ingkang ngenggareng garneng epang ing wit.
Tansah wira wiri, colat colote,
sarwi ambadhungi ing pangidunge.

2. Swarane barungan laras sayektos,
   mawi asauran gantos - gumantos
   rame awurahan mabur - mabure,
   lan embyak - embyakan ing kekejere.
 
3. Apik busanane kathah pasrene,
   manca warna lare radin klimise.
   Resik mulus tansah, langkung tlatose,
   nggone abebingah ing padusane.
 
4. Allah kang ngrimati pra peksi samya,
   inggih anopeni mring jasad kula.
   Kula nggih bebingah sarwi ngrerepi,
   sakeca ing manah ngungkuli peksi.
366. MENAWA DUDU YEHUWAH
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Menawa dudu Yehuwah kang ayasa omah ira,
mesthi tansah tanpa gawe pagaweaning tukange.

2. Menawa dudu Yehuwah kang ngreksa marang nagara,
   para kemit tanpa gawe ngone jaga gapurane.
 
3. Tanpa gawe tangi turu isih esuk umun - umun,
   nadyan jaga nganti bengi iku ya tan maedahi.
 
4. Tanpa gawe nggonmu mangan pametuning kasusahan,
   yen dudu Allah Makwasa kang karsa tulung mring sira.
367. ORA ET LABORA
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Ora et labora, ngengonga maarya,
yeku sesantining sagung tyang pracaya;
rumagang makarya, ngudi tentrem raharja.
ORa et labira, ndedonga makarya.

2. Ora et labora, ndedonga makarya,
   rumagang ing karya tan kanthi pandonga,
   datan migunani nggugu karseng pribadi.
   Ora et labora, ndedonga makarya.
 
3. Ora et labora, ndedonga makarya,
   taberi ndedonga ning sepi ing karya,
   mati imanira, saestu tanpa guna.
   Ora et labora, ndedonga makarya.
 
4. Ora et labora, ndedonga makarya,
   kekalihnya bareng katindakna;
   di lembah ing ati, setya nggennya makarti.
   Ora et labora, ndedonga makarya.
368. RUKUN AGAWE SANTOSA
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Rukun agawe santosa,
sayu rukun bebarengan mbangun praja.
Rukun agawe santosa,
gotong royong ing bebrayan saben dina.
Rukun agawe santosa,
kakung putri, wredha mudha tanpa beda.
Rukun agawe santosa,
kasunyatan aneng donya warna warna.
Aja adigang, adigung, adiguna !
Dumeh darbe pangkat, drajad, lan kapinteran.
kabeh iku becik padha digunakke.
kanggo muji kaluhuran e Pangeran.
Rukun agawe santosa, Bhineka Tunggal Ika iku wujudna !
Payo padha asesan tya:
Rukun agawe santosa.
369. TETIYANG KANG ADIGANG
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Tetiyang kang adigang mung nyebar panandhang.
Wa teknya sami tegel, nindhes mring sanes tyang.
Pituwasnya bebendu bramantyaning Gusti.
Nging tyang tresna satuhu, gesang yekti,
nging tyang tresna satuhu, gesang yekti.

2. Tetiyang kang adigung mung nandur sangsara.
   Remen umuk, gumunggug, ngina mring pepadha.
   Mesthi ngundhuh antaka, wit adiling Allah.
   Nging tyang kang lembah- manah sinung berkah ( x 2 )

3. Tetiyang adiguna mung ndhedher cilaka,
   nganggep Allah tan ana, sabdanya mung nglaha.
   Mung panen karisakan, dukaning pangeran.
   Nging tyang ering mring Allah, kinasihan ( x 2 )

4. Tyang kang ngendelken dhiri, mung ngundhuh bilai.
   Tansah ngumbar pikajeng, tan ngetang sesami.
   Gesang jroning pepeteng, pikolehnya pati.
   Karaharjan kang langgeng mung ing Gusti ( x 2 )
Jumat, 18 Agustus 2017
370. TRESNA MRING SESAMI
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Tresna mring sesami kang trusing manah,
wit salir sesami citreng Allah;
yeku wujud ira tresna mring negari,
ngabuh i mring bangsa, mrih lestari.

2. Tresna mring sesami tan mawang tiyang;
   nulad sihing Gusti murbeng gesang.
   Ngudi dhemokrasi klayan trusing ati,
   bedaning asanes denaosi.
 
3. Trsna mring sesami tumindak nyata,
   mrih tresnaning Gusti tumrah wrata.
   Hak asasi manungsa binabar yekti,
   adil wah bebener den belani.
371. AJA DUWE PANDUGA- PANYAKRABAWA !
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Aja duwe panduga panyakrabawa
marang sapadha - padha !
Aja mung nyawang rupa busana,
uga kasarmanis ing wicara !
Aja gampang nacad, maido, moyoki
marang kang katon ala !
Aja gampang kasengsem ing ati
marang kang katon endah ing rupa !
Dingati ati ! Dingati ati !
darbea pamikir positip wicaksana !
Dingati ati Dingati ati !
Murih tentrem raharja !
372. AKU SASEDULUR
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Aku sasedulur suteng Pangeran,
nangendi dunungku, gandhengan tangan.
Ing sasolah tingkah nelak ake tansah
aku sasedulur suteng Pangeran.
373. APA KOWE BISA NGETUNG
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Apa kowe bisa ngetung lintang kang neng angkasa ?
Mangkono uga mring mendhung dalah sakehing mega ?
Kabeh iku nut pangrehe Pangeran kang nitahake,
ora ana siji bae kang uwal king astane.

2. Apa kowe wruh cacahe lemud - lemud ing njaba ?
   Apa kowe wruh wernane iwak jroning sagara ?
   Kabeh iku saben dina deningoni Hyang Makwasa;
   ora ana siji bae kang kliwatan takere.
 
3. Apa kowe weruh bocah kang atresna mring Gusti ?
   Saben dina mesthi tansah tumenga saos bekti.
   Marang bocah kang ngibadah saben dina muji Allah,
   Gusti mesthi datan kendhat amaringi sih-rahmat !
374. DEN ULUKNA KLWAWAN GIRANG
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Den ulukna klawan girang, kidung ira kaneman,
wanci bingar ing ngaurip, wanci ngudi gesangtertib,
gesang kebak kasukan ! Gesang kebak kasukan.

2. Datan wonten kabingahan angungkuli kaneman;
   badan kiyat wah prakosa, dalem manah ngarsa - arsa,
   gesang kang badhe prapti, gesang kang badhe prapti.
375. DHUH GUSTI, PANGAYOMAN KAWULA
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Dhuh Gusti, pangayoman kawula.
wiwit anem kawula, dados tameng rumeksa;
wiwit wonten kandhutan, etuking sih nugraha.

Reff. sampun tinegakken ngantos sepuh kawula,
      Gusti; sampun tinilar kala badan sangsaya ringkih,
  dimen kawula mboten inginasar datan nalangsa,
  krana Paduka pangayoman kawula.

2. Dhuh Gusti, pangayoman kawula,
   Paduka trus pinuji, tan kendhat saben wanci
   Jer pakaryan Paduka sawendah wah prayogi.
   Reff......

3. Dhuh Gusti, kawula dhinawuhan
   wiwit alit kawula ngantos mabluking uwan,
   mundhi dhawuh Paduka ngundhangken sih-katesnan
   Reff......
Jumat, 11 Agustus 2017
376. KACANG MANGSA NINGGALA LANJARAN
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Kacang mangsa ninggala lanjaran, yen kang aran saloka.
Lanjaran mono dadya rambatan, si kacang mrono mrambatnya.
Werdinya pemimpin lan wong tuwa, den samnya asung tuladha.
Lir Gusti Yesus paring tuladha marang pra kang pracaya.

2. Lamun pemimpin angumbar napsu,
   wong tuwa, tindaknya kliru,
   samnya nguja karsane pribadi,
   rakyat ngrasa dicontoni.
   Sadonya padha nampa warisan
   jagad bur tanpa kukuban.
   Tan beda kaya Sodom Gomora
   kalebur dening Pangeran.

3. Mula di eling lawan waspada,
   kang ngrasa dadi wong tuwa;
   watak satriya samya den esthi;
   wedi wirang wani mati.
   Urip tentrem dadia idhaman
   ing donya dugeng delahan;
   ndherek Gusti di tanpa reringa
   ing lair trusing batinnya.
377. KALEGANING ATINE WONG TUWA
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Kaleganing atine wong tuwa, lamun nyawang putra wayahira,
de samnya rukun manunggal budi.
Pepindhane para among tani, ndulu taneman ira samnya ngrebda,
panenan ira lir robing samodra.

Reff. Pinujia Gusti Kang Mamulya;
      kang dadi sumbering berkahnya.
  Pinujia Gusti Kang Mamulya;
  kang dadi sumbering berkahnya.

2.Lir bakul,daganganira laris; bebathenira agung winilis;
  dhasar neng pinggir ratan kang gedhe;
  bakule blater, murah eseme;
  kang tuku padha teka mbanyu - mili;
  rewange kongsi sayah angladeni
  Reff........

3. Saiba bombang marem atiku; anak - putu padha sabiyantu;
   yen bungah bareng padha kasukan,
   lamun susah sinangga barengan.
   Uripe ayem tentrem, guyun- rukun;
   tan kendhat dennya ngaturke panuwun
   Reff.....
 
378. KAWULA PARA ABDI KASEPUHAN
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Kawula para abdi kasepuhan muji sokur wit tansah binerkahan.
Wiwit anem ngantos sepuh kawula, datan kendhat dennya nampi nugraha.
Mugi gesang kawula miguna, lan dadya dilah wah sareming bumi.

2. Sumangga sisaning gesang kawula,
   kaagema manut pangreh Paduka.
   Anak - putu tebiha sing belai ;
   wit gesang tansah tinunggil Gusti.
   Sami guyub- rukuna, tansah tresna - tinresnan
   sumarah maring Pangeran.

3. Mugi Gusti, pangayoman kula,
   pra manungsa samya kadhawuhana
   anilingna mring sabdaning Pangeran,
   tuhu tegen dennya ulah katrsnan,
   drapon pra umat sami den tansah kinanthia
   samangkya wah sapengkernya.
379. LAH AKU BOCAH RAHAYU
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Lah aku bocah rahayu, aku kudu ngidung,
" Duwe omah lan wong tuwa, sadulur lan mitra.
Ngarah apa maneh aku ? Aku bocah kang rahayu

2. Lah aku bocah rahayu, saiba begjaku.
   De badanku bagas- waras, lan atiku enggar
   Wong tuwa ngopeni aku; aku bocah kang rahayu

3. Lah aku bocah rahayu, saiba bungahku.
   Saben - saben dina aku nampani piwuruk
   saka wong tuwa lan guru. Lah aku bocah rahayu.

4. Ya, aku bocah rahayu, banget panuwunku
   mring Allah, kang amarengi aku angrerepi,
   " Ngarah apa maneh aku, de aku bocah rahayu "
Kamis, 10 Agustus 2017
380. MARA KANCA - MUDHA KRISTEN
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Mara kanca mudha Kristen aywa sira alepyan,
agung tetanggungan adi peparing e Pangeran;
payo kanca nunggil ati, nunggil budi myang esthi:
Rukun akaryan santosa, muang giyat tandang kita.

Reff. Iba endahnya, lamun pramudha,
      sayuk sekakap tinambut ing kardi,
  amrih luhure, tanah bangsane,
  ing dalem asmane Yesus Njeng Gusti.

2. Mara maju sadayane krana Injil satiti !
   Wani sara sakatoge kanggo kratone Gusti !
   Prabot pedhanging pangonga, myang tamenging pracaya
   sinabukan karahayon ! Gusti pangungsen tanggon !
   Reff........
381. NALIKANE CILIKANKU
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Nalikane cilikanku, kepati senengku;
tan nate ana pasambat, bungah ku tan kendhat.
Sorene sawis e sepi, ibuku memuji,
ing pandonga kang ingatur, jeneng ku sinebut.

Reff. Pandongane ibu anyebut jenengku;
      ing pandongane ibuku tansah anyebut jengku.

2. Aku sangsaya kelingan, jroning kasusahan,
   yen urip lagi cilaka, atiku nalangsa;
   sakal eling mring ibuku kang sujud manengku;
   ing batinku trus keprungu, anyebut jenengku
   Reff........
 
3. Lamun atiku pribadi, iku kang dakanut,
   aruming sabdane Gusti, kudune dakturut;
   nalika urip sangsara, ngadhepi rebeda,
   eling pandongane ibu anyebut jenengku.
   Reff........

4. Sawusnya ibu tan ana, wit sowan Sang Rama,
   nanging dhawuhe mring aku, kang tansah dakgugu.
   Mbesuk ing kana tinemu, barengan sumungku ;
   pamujine kang dakrungu, anyebut jenengku.
   Reff........
382. PAYO KANCA PADHA BUDHAL
( Kidung Pasamuwan Jawi )

payo kanca padha budhal menyang ing pamulangan,
dyan aka kita kasingsal neng kaman kamajuan !
Sapa kang seneng anglanthung bakal dadi wong punggung !
Mula payo mesu dhiri sinau ngulir budi !

2. Mumpung kita isih anom nglari sanguning urip !
   Sangu kang tan bisa kalong: budi padhang atertib.
   Ja pisan kita keduwung lamun krepotan: bingung.
   Nging karana budi padhang, datan bingung, tan sumlang.
383. PEPACANGAN KANG PRAYOGI
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Pepacangan kang prayogi miturut karsa ne Gusti,
linandhesan ing katresnan miwah setya ing prasetyan.
Ali ali kang liniru pratandha katresnan jati;
datan wonten pungkasannya ngantos dumugeng delahan.

Reff. Mugi Gusti tansah angreksa sadherek kekalih punika
      nggennya sami pepacangan; tresnanya trus ing wardaya.

2. Ing salampahnya sageda nuladha tyang kang piniji
   dening Allah Kang Masuci; tumemen nggennya ngabekti.
   Mboten purun nyulayani, sarak awisane Gusti,
   wit tansah sami ngugemi maknaning ningkah kang suci.
   Reff.....  
384. RAHAYU KANG MLARAT ING BUDI
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Rahayu kang mlarat ing budi, wit darbe kraton swargi
Rahayu kang perih ing ati, wit panglipur tamtu tinampi.
Mangkono sabdaning Guru, dhawuh ing punthuk ardi.
Prayoga den pituhu kanthi kanthi tulusing ati ( 2 x )

2. Rahayu kang alus ing budi, nampa warisan bumi.
   kalamun ngorong kasampurnan, iki kang bakal katuwukan.
   Reff....

3. Rahayu kang ambek - welasan, padha antuk piwelas.
   Rahayu kang resik atine, bakal sumurup mring Allahe
   Reff.....

4. Rahayu kang ngrukunken pepadha, kasebut putreng Rama.
   Wong kang bener nanging siniya, iku nduweni kraton swarga.
   Reff......

5. Rahayu wong kang diwewada, dipitnah krana Aku.
   Di bungah sarta suka- rena, gedhe ganjarane Ramamu.
   Reff......
385. SRENGENGE NYUNAR
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Srengenge nyunar kanthi mulya;
manuk e ngoceh klawan rena;
angine midit ana ing wiwitan;
kewane bebungah ing pasuketan.
Kabeh padha muji Allah kang loma;
kabeh padha muji Allah kang loma.
386. WEKINGKU MRING ANAK-PUTU
( Kidung Pasamuwan Jawi )

welingku mring anak putu, "Di padha sregep sinau ! "
Iku kang mingangka srana darbe watak kang prawira.

Reff. Aja tansah mandheg mangu !
      Gusti kang nuntun lakumu

2. Urip datan kanggo mangan, nging mangan kang kanggo urip.
   Singkirna watak brangasan ! Aluwung sinau tertib
   Reff.....

3. Rukuna padha sadulur, tan panten dhemen sulaya.
   Ala watake wong udur; becike akeh ngalaha !
   Reff....
387. SAMPUN DUGI WANCINIPUN
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Sampun dugi wanginipun mungkasi sagung pakaryan;
ingkang dipun tindakaken wonten ing pasamuwan.
Nadyan kathah karibedan wah cobaning paladosan.
Nging Gusti paring kekyatan, lestantun dugeng wakasan

Reff.
   kawula ngaturken, " Sugeng Emeritus ", Bapa Pandhita ! "
   Mugi Gusti tansah nganthi lan mberkahi slaminya.
   Saklangkung panuwun kula, wit sampun kaladisan.
   Pangen Agung paring ganjaran, " Makuthaning kamulyan ! "

2. Timbalan pandhita yeku sestu timbalan kang mulya,
   Wit Gusti kang ngersakaken kinen ngengen mendanya :
   Yeku patunggilanipun tyang pitados dhateng Gusti.
   Imanipun kabangunana, tulusa nggennya ngabekti.
 
   Reff.....
388. TIMBALAN PANDHITA
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Timbalan pandhita punika, timbalanipun Gusti,
dados pandhitaning pasamuwan, nggih abdining Gusti,
ngemban dhawuhe Gusti Yesus martosken Injil suci,
dimen sadaya tyang pitados manggih kawilujengan.
Reff.
  Sugeng ngladosi Gusti, sdherek kula ! Nindakken pakaryan mulya.
  Mugi Gusti karsa anganthi srana kwaosaning Roh Suci
  Klayan manah tansah bingah anggennya ngladosi;
  nindakken pakaryan e Gusti datan wonten kang nglaha.

2. Ing dinten kang endah punika, sestu sampun sumadya
   dados pandhitaning pasamuwan, ngih abdining Gusti.
   Pra pandhita samnya mberkahi klayan manah nyawiji.
   Sadayanya dados pratandha, yen sampun kawisudha
   Reff....
Kamis, 03 Agustus 2017
389. GANTOSING WULAN LAN WARSI
( Kidung Pawamuwan Jawi )

Gantoing wulan lan warsi, sung berkah enggal sing Gusti,
yogya kula samnya loma, misungsung kang trusing driya

2. Gantosing wulan lan warsi,
   nambahi kabegjan yekti,
   tan wonten pisungsung nyata,
   mung gesang ing sawetahnya.

3. Gantosing wulan lan warsa
   sung panjanging umur kula,
   sayogya sengkut makarya,
   mrih pasamuwan ngrembaka
390. GUNAKNA WEKTUMU PARINGE GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Gunakna wektumu paringe Gusti, wit uripmu cekak pindha kembang.
Endi barang langgeng ing donya iki, amung katresnan ywa nganti ilang.

Reff. Barang kang ana, isining donya;
      sagunging kang endah bakal musna.
  Mung katrsnan mu demi Sang Pamarta,
  gedhe ajine tan bakal sirna.

2. Aja tan migunak ake wektumu,
   lipur lan tulungen kang kesasar.
   Mulyakna Gusti ana ing uripmu,
   dimen lampumu tansah sumunar
   Reff.....

3. Pakaryanmu kang demi Yesus Kristus
   bakal tinampi klayan karenan.
   Katresnan kang kababar kanthi tulus,
   ingundhuh mbesuk aneng kaswargan
   Reff.....
391. KAWULA SESTU NGAKENI
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Kawula sestu ngakeni kanthi tulus ing driya,
dosa kang kula lampahi salebet ing warsi lami.
Gusti mugi angaksami, mrih ayem ing tyas kula

2. Dhuh Gusti mugi nulungi;
   wit kwasaning Roh Suci,
   ing warsa enggal punika
   kawula gesang sembada;
   tansah mbangun- turut Gusti,
   ulah tresna sejati
392. MUGI SIH-RAHMATE NJENG GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Mugi sih rahmate Njeng Gusti lan sihe Alah Sang Rama,
nunggila  ing prasudara, pinanggiha sami basuki.
Wilujeng mlampah, wilujeng mlampah,
benjig nggih pinanggih a malih.
Wilujeng mlampah, wilujeng mlampah,
mbenjing nggih pinaggih a malih.

2. Mangsa tamtu silih- gumanti; wanci siyang gantos ratri,
   swau kita tetunggilan, samangkya kita pepisahan
   Reff.....

3. Kita nilarken warsa lami, wit kang enggal wus angganti,
   samnya silih angongakna, amrih gesangira lestari,
   Reff.....
393. PINUJI PUJI GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Pinuji puji Gusti, sih rahmatnya gung yekti.
Ing warsa kang kawuri, kita rineksa sing pati
nadyan tinempuh panggodha, nging mantep pracaya,
wit kinati ing Gusti, satemah tansah basuki

2. Ingugung Hyang Maagung, gung luber ing pitulung.
   Ing warsa kang kawuri, kula tansah den rimati
   nadyan awrat sanggen kathan, lan semplah ing manah;
   cekap ing kabetahan, wah misungsung mring Pangeran.

3. Kluhurna Hyang Makwasa kang langgeng kasetyannya.
   Ing warsa enggal niki, tamtu tansah amberkahi,
   amung kraharjan sanyata, ngiring lampah kula,
   mila tan kendhat muji, wah mbangun turut mring Gusti
394. SAKEHING MANGSA LAN WAYAH
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Sakehing mangsa lan wayah manut pranataning Allah,
padha gilir gumanti. Dewa takelan urute,
tetep lan wus pinasthi, tetep lan wus pinasthi.

2. De gilire mangsa iku, nyata becik, malah perlu
   marang sarwa urip paedahe lan sawabe.
   tetela lan mratani, tetela lan mratani
 
3. Wayah esuk, wayah sore, rina, wengi lan liyane
   wayah kang diarani, kabehiku; becik, perlu
   tan kena diwaoni, tan kena diwaoni
395. SAWATARA AKU NOLEH
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Sawatara aku noleh marang dalan kang dakliwati,
sihe Gusti kang dak tampa kanthi eraming ati.
Sanadyan akeh alangan wah kandhang lelimengan,
nanging Gusti karsa nuntun.
Mulane aku ngungun, wit asta ning Allah ngreksa,
temah rumangsa begja

2. Ora merga aku becik, tanganku tinuntun astanya;
   ora jalaran sampurna, aku tansah rineksa.
   Aku tansah kaeraman, wit tansah binerkahan.
   Kadiparan nggonku nampa sih tresnane Kang Kwasa ?
   Daklakoni, dakedumken marang umat sadoya.
396. SIYANG DALASAN RATRI
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Siyang dalasan ratri silih gumanti,
tan ana kang langgeng ing bumi.
Mung sih kadarman ing Allah Kang tresna,
katresnanira mangkonoa uga

2. Nadyan kita asring nindakake dosa,
   nging Gusti gung ing pangaksama,
   yogya kita tan ndlarung wangkot ing ati,
   nimbangi gunging sih rahmating Gusti.

3. Warsa enggak ndhatengna gunging sih rahmat,
   mrih tyang dosa samnya mratobat;
   yogya kita ngudi gesang mursid yekti
   mbangun- turut, ajrih asih mring Gusti.
397. WUS DUGENG WANCINYA
(Kidung Pasamuwan Jawi )

Wus dugeng wancinya kita nilar warsa lami
gya napaki panjangnya warsa enggal puniki;
nadyan tan sagedan dugi begjalan bilai,
ning krana sihing Gusti, kita samya basuki

2. Saben mangsa tinata manut ing lampahira
   wonten pepanggihan ugi wonten pepisahan,
   nging kang wigati tansah nyawijia mring Gusti
   amrih kita sadaya sami gesang basuki.

3. Silih andongakna, mrih raharja salampahnya,
   mantep ing pracaya, wah sembada gesangira.
   Sumendhe mring Gusti, miwah asih mring sesami,
   Yeku jatidhirining putra - putraning Gusti.
398. AKU KANGEN MRING OMAHKU
(Kidung Pasamuwan Jawi )

Aku kangen mring omahku,
omahku kang ana ing swarga,
ing panggonane pra suci,
kang aputih busana nira

Reff. Omahku, neng swarga,
      aku kangen mring omahku.
  Omahku, omahku neng swarga;
  omahku kang aneng swarga

2. Aku kangen mring pra mitra; pra mitra kang wus aneng swarga
   kang memuji lan suka- rena, wus tan eling sedhihing donya.
   Pra mitra, neng swarga; aku kangen mring pra mitra;
   pra mitra, pra mitra neng swarga, pra mitra kang aneng swarga.

3. Aku kangen mring Gustiku; Gustiku kang ana ing swarga,
   kang nebus aku srana rahe; wus nyawisi omah kang mulya
   Gustiku neng swarga; aku kangen mring Gustiku;
   Gustiku, Gustiku neng swarga, Gustiku kang aneng swarga.
 
399. AYEM NENG GUSTI YESUS
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Ayem neng Gusti Yesus, lerem aneng swarga
Ingauban ing sihnya, iba ayem ira.
Wonten swara ngumandhang, lir pendah pramukti
neng swarga samnya ngidung lan enggar ing ati

2. Ayem neng Gusti Yesus benjing aneng swarga
   Uwal saking rencana, * kalis ing panggodha.
   Sisah samgnke namung kantun sawatawis
   Ayem neng Gusti Yesus lerem aneng swarga,
   ingauban ing sihnya iba ayemira

3. Gusti pangungsen kula, pangruwat sejati.
   Gusti parang santosa kang kula gondheli
   Nriki kula angrantos, ngrantos klayan sabar,
   ngantos puput ** dalunya, ndungkap dugeng pajar
   Ayem neng Gusti Yesus lerem aneng swarga,
   ingauban ing sihnya iba ayemira.
 
400.AYEM TENTREM NENG SANG PAMARTA
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Ayem tentrem ku neng Sang Pamarta, ayem tentrem anesng astanya
Ayem tentrem ndherek satindaknya; tan keguh rinoban panggodha.

Reff. Tuhu tentrem arahayu
      sanadyan lakuku nrajang latu
      tan sah sinung berkah wah pangasoan
      yen cahyeng Gusti kang den sawang.

2. Ayem tentrem wong kang ngulandara,
   ayem nadyan taksih neng marga
   miwah lampahnya kelunta - lunta,
   tansah ayem jroning wardaya
  Reff....
401. DUWEA SWIWI AKU GYA MABUR
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Duwea swiwi aku gya mabur nyang aluhur
nyang aluhur. Nggone salir prihatin wus lebur,
nyang aluhur, ngaluhur
Mabur nyang swarga kang endah mulya,
nggone pra putrane Allah samnya;
tansah memuji lan suka rena; neng aluhur, ngaluhur

2. Aku mabur mring nagri kang suci, nyang aluhur, nyang aluhur.
   Nggone wong tansah enggar ing ati, nyang aluhur, ngaluhur.
   Nggone tan ana nandhang sangsara, tan kekeng godha, tan gawe dosa
   tansah muksi agirang memuja, neng aluhur, ngaluhur.

3. KOno tansah ana wong pepisahan, neng aluhur, neng aluhur;
   miwah kang nangis lan kasusahan, neng aluhur, ngaluhur.
   Tan ana crah miwah [asulayan, kabeh mung olah tresna - tinresnan;
   asih lulut denya pitepangan, neng aluhur, ngaluhur.
402. DENEYA PADHA MANGU
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Geneya padha mangu ing ati ?
Yogya padhamareka
marang Sang Kristus
Ingkang Ginustisakaananira ?

Koor
    Payo sigra padhasowan
    Gusti nyawisi papan ka swargan

2. Aja semaya, enggal muliha, wit kesasar lakumu !
   Gusti nimbali kanthi sih-katresnan, di enggal ulihmu.
   Koor....

3. Aku wis sowan marang Gustiku sing suwe daklalekke
   nanging samanke manteb tekadku tansah ndherekake
   Koor ....

4. Geneya ta, kowe padha wedi ? Pasrahna atimu,
   Gustimu tamtu kersa ngasihi; pumpung ana wektu.
   Koor ....

5. Dhuh Gusti, mugi karsa anampi sembah-sujud kawula,
   awit kula sami ngrumaosi tentrem lan * Paduka
   Koor .......

403. GUSTI MUGI AMBABARNA
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Gusti mugi ambabarna
kraton Paduko ing jagad;
pra umat samya ra harja,
krana rinoban sih rahmat.

2. Kayekten wah kaadilan,
   kasetyan dalah katresnan,
   binabar warta sadonya,
   wit pangrehe Kang Makwasa.

3. Kang aneng kratone Allah
   mung tentrem - rahayu tansah,
   datan ana pasulayan,
   wit samya tresna- tinresnan.

4. Dhuh Gusti, Sang Kristus Yesus,
   rawuha paring panebus,
   mrih samukawis sampurna,
   kadya karsane Kang Rama.

Penutup   A min
404. GUSTI YESUS RATU ADIL
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Gusti Yesus Ratu Adil,
panetep pana ta gami
kang mengku sajagad rat.
Sagung ilat badhe nyebut,
sakathahing dhengkul sujud
miring Gusti ning pra umat,
mring Gusti ning pra umat.

2. Namung dening Kanjeng Gusti kita saged dados suci
   kinumbah klayan rahnya. Gesang langgeng wus sinungkwn,
   wah tyang doso rinukenken ( lantaran Sang Pamarta x 2 )

3. Tiyang dosa kang kesrakat, tiyang sakit wah tyang mlarat,
   gya samya tinimbalan. Denen sinteng kang umarek,
   apitados ngarep-arep, ( mesthi nggih tuinulungan x 2 )

4. Mila sampun ta semados, mbok inggih samnya pitados
   mring Gusti Ratu kita. Pinundhia trus ing batos,
   de Kang Kwasa karsa dados ( Juru Pamarta kita  x 2 )

Jumat, 26 Mei 2017
405. KAWULA ANGANTYA KANTHI SABAR
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Kawula angantya kanthi sabar,
Yerusalem kang anyar;
nggih pada leman suci sanyata,
yeku kratoning swarga.

Reff.
 Sestu kula begja,sestu kula negja;
 krana pananggeling Sang Pamarta,
 panduman kula kamulyan swarga

2. Kawula ngantya bujana nyata,
   pikramene Sang Kristus;
   pangantyan putrinya tyang pracaya,
   kang ngabektinya tulus.
  Reff....

3. Kawula ngantya dinten pungkasan,
   nggih sampurnaning gesang;
   wus tan ana salib wah panandhang,
   mung tansah muji girang.
  Reff......
406. KRATONING SWARGA WUS PRAPTA
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Kratoning swarga wus prapta;
swawi, sami bebingah.
Tetiyang sami pracaya
klayan tulusing manah,
ngluhuraken Pangeran,
srana sagung pakaryan

2.Tyang pitados sywa semplah
  klayan giyak tumandang,
  methukken kratoning Allah,
  kanthi manah agirang.
  Gusti sestu anjangkung,
  tansah paring pitulung.

3.Babare kratoning swarga,
  sajatine sih-tresna
  Salir tiyang kang pracaya,
  den sengkuta makarya,
  nulad tindake Gusti,
  karya tentrming bumi.
407. KULA NINGALI NAGRI ENDAH
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Kula ningali nagri endah,
nagrining pepadhang kang mulya.
Ngriku kula den antos Gusti,
den cawisi griya kang baka.

Reff.
  Neng nagri punika,
  kula badhe panggya pinanggyo;
  neng nagri punika,
  kula badhe panggya - pinanggya.

2. Neng ngrika kula asung puji,
   ngidungken kamulyaning Gusti.
   Wit tan dosa, tan nandhang sisah,
   tan nggresah, tan ngrudatin sami
   Reff....

3. Swawi memuji mring Sang Rama,
   Rama kula Kang Mahamulya;
   dene karsa ngasihi kula,
   dencadhang kamulyaning swarga.
   Reff.....
408. KULA SUMREP KORI MENGA
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Kula sumrep kori menga
kang anjog dhateng swarga;
y'e ku sihrahmat'e
Allah, lan taran Sang Pamarta.

Reff.
  Sokut dene kula niki,
  nggih taksih winengan kori;
  kula, kula, nggih kula sadaya

2. Angger tiyang angsal mlebet-medal ing kori niki
   tiyang sugih, tiyang mlarat,tyang ageng-alit ugi
   Reff....

3. Mila swawi sami mlebet, mumpung taksih atalad,
   sedheng kori taksih menga, nggih korinng sih-rahmat.
   Reff....

4. Saiba piduwungipun, tiyang yen dugeng janji,
   kaineban kori tobat, tan wonten kang mengani
   Reff....
409. MARANATHA
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Maranatha, maranatha,
duh Gusti muga prapta;
wong kang menang nglawan dosa,
tansah mantep ing pracaya,
tampa ganjaran sing Gusti,
woh ing wit panguripan,
ing taman Pirdus yekti.

2. Maranatha, maranatha,
   duh Gusti mugi parpta;
   wong kan tatag tanggon yekti,
   manggul salib ndh'er'ek Gusti
   gesang langgeng ane'ng swarga,
   tan ana susah pati

3. Maranatha, maranatha
   dhuh Gusti mugi prapta;
   wong ajrih - asih mring Gusti
   wah neks'eni Injil suci,
   kaganjar jeneng kang anyar,
   kepareng linggih dhampar,
   nunggil Sang Kristus Gusti

Rabu, 17 Mei 2017
410. NENG DALEME RAMAKU
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Neng dalem e Rama ku gung panggenannya
Iku dak cawisake; lumebua ! "
Mengkono Gusti dhawuh mring kita samnya,
duk rawuh ngagem sari ra manungsa.

Reff.
Aja siwa nampik sih rahmate Gusti,
dimen, sira manggiha urip sejati.
Tentrem rahayu tansah ngerobi sira;
ngrasuka  gesang mulya aneng swarga.

2. Saben wong rebut bener mlebu mring swarga
   ngambah dalan pilihane pribadya
   Nanging mung wong kang nurut dhawuhe Gusti
   Yeku kang mesthi winenganan kori.
   Reff......
411. NGINGGILNYA KASA SAIBA PADHANGNYA
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Ninggilnya kasa saiba padangnya,
tyang kang pitados sumendhe Gusti.
Ngriki gung ribed, sedhih,
sang saranya,
ngrika gung ayem tentrem lan mukti
ngrika gung ayem tentrem lan mukti

2. Nginggilnya kasa saiba reremnya,
   lamun sabarang mengeng winedhar
   Ngriki tyas kula gung kodheng petengnya
   ngrika gumawang dyan lipur lejat. ( 2 x )

3. Nginggilnya kasa saiba nikmatnya,
   aneng wismanya Sang Rama adi.
   Tyang kang kesrakat mantun rekasanya,
   bala mlaekat methukken puji ( 2 x )
412. RATU ADIL KANG SEJATI
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Ratu adil kang sejati
saestu namung sawiji.
Yeku Sang Kristus Gusti
kang mengku bumi lan swarga
Pinujia slaminya ! Pinujia slaminya !

2. Ratuning tentem raharja kang luber sih rahmatnya
   tumrap sagung manungsa jumeneng Ratu kaswargan
   Langgeng dugeng delahan, langgeng dugeng delahan
   Reff....

3. Imam Agung pinarcaya ngasta pangwaose Rama
   ngurbanken sarira. Kang pracaya kanthi tulus
   sampun tamtu tinebus, sampun tamtu tinebus
   Reff...

4. Nabi kang medharken sabda mundhi dhawuhe kang Rama.
   Sang Sabda sampun manjalma manunggil kalayan kita.
   Tetep langgeng slaminya, tetep langgeng slaminya
   Reff...
413. SANG KRISTUS GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Sang Kristus Gusti badhe rawuh ngadili;
langit lan bumi dya malih dadya swargi
Kratoning Allah nggih binabar sampurna,
iblis, dosa, mangkya sirna.

Reff.
Tyang kan dugeng janji,
nyata gesangnya raharja,
gesang suci,gesang suci,
gesang nunggil Gusti,
gesang nunggil Gusti

2. Sang Kristus Gusti badhe rawuh ngadili
   bebener nyata wah kaadilan yekti
   lan kajujuran wah ungguling katresnan,
   ginelar, binabar ngegla.
Reff.

3. Sang Kristus Gusti badhe rawuh ngadili,
   tyang kamitegan, remen dora, grejegan,
   lamis, gesangnya, wah wengis watekira,
   pati langgeng pandumannya
Reff.

414 . SANG KRISTUS RAWUH NGADILI
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Sang Kristus rawuh ngadili
mring tyang salumahing bumi
Kawiyak sagung wewadi
ing ngarsaning Gusti.
Tyang mursal nggih kawistra,
tyang mursid katitik nyata.
Salir ing tyang kaa dilan
manut pandamelnya

Reff.
Tyang welas asih
mring kang ringkih lan papa
klayan trusing wardaya;
yekti tyang sestu tresna
mring Kristus Gusti,
kepareng mlebet swargi

2. Tyang lamis wus mesthi cuma,
   wit rumangsa wus pracaya,
   mangka gesang tanpa guna,
   pandumannya nraka.
   Sagung tyang suci manahnya
   tansah angudi raharja,
   wus sinerat namanira ing kitabing swarga

Reff.
Rabu, 08 Februari 2017
415. SANG KRISTUS WUS TAMTU PRAPTA
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

sang Kristus wus temtu prapta
jumeneng Hakim setya
ngadili sagung manungsa
ing dinten akhir mangkya;
tyang kang ptados mring Gusti,
wah tresna mring sesami,
kepareng mlebet ing swargi
ing kasampurnan yekti.


2. Tyang mursal samnya moyoki,
   ngre'mehken sabde'ng Gusti,
   de' Gusti tan e'nggal prapta,
   nganggep janjinya nglaha.
   Ne'ng ngarse'ng Gusti Makwasa,
   sataun lir saari;
   mila tyang kang tan rumantya
   cuwa jroning wardaya.

3. Sang Kristus wus tamtu prapta,
   jumeneng Hakim setya;
   ngadili salir manungsa
   ing jaman akhir mangkya.
   Payo methukken rawuhnya
   srana tansah samekta,
   kanthi waspada, ndedonga
   memuji Maranatha.
416. SAPRAKARA KANG PANTES
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Sapra kara kang pantes de'n upadi,
ye'ku Kratoning Allah Sang Rama.
Samubarang pinaringken tumuli,
angger sumuyud jroning pracaya

Reff.
 Kabe'h mung nglaha,
 kabe'h mung nglaha.
 Sarwa kadonyan wus mesthi sirna.
 Mung sihe' Allah kang langgeng slamanya.
 Tyang kang ngayom wus mesthi raharja


2. Drajad, kasugihan, wah kasenengan
   dinayuh kanthi margi utami.
   Aywa lali kang aji lan sejati,
   ye'ku setya wah nunggil lan Gusti.

 Reff....

3. Sagung kadonyan ingkang kadarbya
   iku sranane' mbabarken tresna.
   Ye'n duge'ng janji tan badhe' binekta,
   mung gesang langgeng bandha ing swarga

  Reff....
417. SAURUTING LAKU
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Sauruting laku kang dakalami,
Gusti tansah tindak ngrumiyini,
Mula kang dadi osik ing atiku,
Gusti kula se'stu setya tuhu ! "

Reff.
  Salaku ku Gusti datan ne'gakken,
  klayan setya de'n ira angreksa.
  Ing wusanane', Gusti mareng aken
  aku ndhe're'k ing kamulyan swarga

2. Ing nalika imanku wiwit goyah,
   ye'n tansah nyipati kang gumelar,
   sanalika aku e'nggal gumre'gah,
   wit Gusti nora* bakal nilar

   reff....

3. Aku pracaya mring pang'rehe' Gusti,
   awit gesang langgeng ing astane'
   Gustiku kang ngasta soronging * swargi
   wah nuntun aku mring kratone'

   reff...



nora = ora
sorong = kunci
418. SE'STU RAHARJANIRA
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Se'stu raharja nira
tyang setya mring Gusti
tansah olah katresnan
lir tresna wiwitan
Mung tyang tuhu sembada
sinungan makutha,
gesang langgeng ing swarga
nunggil lan Gustinya

2. Se'stu raharjanira
   tyang tansah jumaga,
   wah kukuh ing pracaya,
   unggul klawan godha.
   Setya tulus ngabekti
   mring sang Kristus Gusti,
   sinungan kasugihan:
   kamulyan kaswargan.

3. Se'stu raharjanira
   tyang kang ngantya Gusti;
   sabar nyanggi sangsara,
   krana mursid yekti.
   Sinung dhampar kluhuran,
   nunggil Kristus Gusti;
   tansah ngnunggung Pange'ran,
   wah gesangnya suci.
419. TAKSIH MENGA KORI DATENG SWARGA
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Taksih menga kori,
dhateng sarga,
kori ning nugraha.
Mila mangga,
nulya de'nambaha,
sampun ta semaya.
Saiba tapidung ira,
lamun kuneban kori swarga

Reff.
  Umarek a !
  umarek a !


2. Se'stu begja kawula sadaya,
   nadyan tiyang doso;
   sampun dangu sami dipun antya
   de'ning Rama swarga.
   Pramila sami dipun kebat
   lumebet korining sih rahmat

 Reff.....

3. Adhuh Gusti. se'stu sih Paduka
   nge'ramken tya kula
   Nadyan kula tiyang ingkan nistha,
   pinaringan swarga.
   Mung wit sihing Allah Rama,
   kori swarga taksih binuka.

  Reff....
420. TUMENGAA, DHUH NYAWAKU
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Tumenga a, dhuh nyawaku,
singengkak na tyas kula;
ingedoh na saking dosa,
tinunggil na Sang Rama.

Reff.
  Mugi wontena mlae'kat
  ngangkat manah kawula,
  sinanggia ing swiwinya,
  cinelak na ing swarga.

2. Tumengaa dhuh atiku,
   munggaha ing Golgota;
   mandenga ing sanalib,
   kang ngrembat dosanira.

   Reff....

3. Tumengaa dhuh atiku,
   mumbula saking donya;
   sumengkaa, sumengkaa
   mring kraharjaning swarga.

   Reff....
421. URIPKU PINDHA PANGIDUNG
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Uripku pindha pangidung
sumaos mring Pange'ran.
Nadyan ne'ng donya lwih agung
sedhih lan kasusahan,
nging santengah ing pasambat,
tansah de'nya umanggung
pangidunge' pra mlae'kat.
Yogya aku ya ngidung.

2. Sirnaa saliring bungah
   Gustiku datan gingsir
   Nadyan karoban ing sudah,
   padhangku tan sumingkir
   Atiku asukarena,
   de'tan pegat jinangkung
   ing sih rahmate' Sang Rama.
   Sayogya aku ngidung.

3. Lamun nge'llingi Gustiku,
   sedhihku e'nggal sirna.
   Daktut- buri ing salaku,
   wit gine'nde'ng ing sihnya
   Saiba ayeming kalbu,
   ye'n rineksa Hyang Agung.
   Ngarah apa mane'h, aku ?
   Sayogya aku ngidung.

422. WONTEN NAGRI MAHA - ADYA
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Wonten nagri maha adya,
ye ku kraton swarga;
saliring panandhang sirna
mung tentrem raharja,
pinanggya sampurna.

Reff.
  Nagri niku nagrinipun Gusti,
  nagri niku nagrinipun tyang pracaya
  wah mursid sayekti.

2. Sajroning nagri sampurna,
   tan ana antaka;
   mung nunggil lan Sang Pamarta,
   ing kamulyan nyata,
   langgeng salamanya.

  Reff...


3. Wonten ing nagri maadi,
   samya gesang suci;
   salir kadonyan kapungkur,
   mung pamuji sokur
   konjuk Hyang Maluhur.

  Reff....
423. WONTEN SATUNGGAL PANGGE'NAN
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Wonten satunggal pangge'nan
dumununging kasampurnan.
Ngriku gesang datan ke'guh*,
wit dayaning pati lumpuh

Reff.
  Ye'ku dhamparing sih rahmat,
  nentremken tyas kula.
  Tyang kang ngayom wah mratobat
  tahayu slaminya.

2. Ngriku tan wonten pasambat,
   awit dosanya binirat.
   Begja salaminng gesang,
   linimputan ing pepadhang.

  Reff....

3. Saliring tyang kamomotan
   tan ke'nthe'ngen tan kawratan,
   pininta samurwatira;
   papan langgeng dunungira.

  Reff......
424. WONTEN SATUNGGAL PANGGE'NAN
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Wonten satunggal pangge'nan,
o, iba e'ndahnya;
rinengga kidung kasukaan,
o, iba e'ndahnya !
Ngriku tan wonten panggodha,
tan wonten susah sungkawa
kang wonten mung suka rena
O, iba e'ndahnya

2. Ngrika tan wonten pagiris,
   o iba nikmatnya !
   Wah datan wonten panangis,
   o iba nikmatnya !
   Tan* pisan wonten congkrahan,
   nging tansah tresna tinresnan,
   kalawan ngunggung Pange'ran,
   o , iba e'ndahnya !

3.Nadyan kula kebak dosa,
  mbe'njing amba mrika,
  kula tumut suka- rena,
  mbe'njing amba mrika;
  karna Ye'sus Pamarta,
  kang wus se'da nebus kula
  Kula klilan mlebet,
  mbe'njing amba mrika
Jumat, 03 Februari 2017
425. AKE'H SRUNING PASAMBAT
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Ake'h sruning pasambat,
tiling na !
mbutuh ake' sih rahmat,
dadya duta sembada
mbabarken sih rahmat,
tilingna !

2. Ake'h wong padha nguwuh, tilingna !
   mbutuhhake' pangrengkuh , tilingna !
 
   Reff....

3. Ake'h wong padha ngresah, tilingna !
   Butuh lube'ring berkah, tilingna !

   Reff.....

4. Ake'h wong padha ngrintih, tilingna !
   Mbutuhke' welas- asih, tilingna !

   Reff ....
426. APA SIRA NGUPAYA INTEN
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Apa sira ngupaya inten kanggo maku tha ?
Ing papan asor nistha, ana inten kang ngantya.

Reff.
  Inten inten miwah retna,
  pra manungsa binada;
  yo gya linari,
  ginawa kagemma kutha Raja.

2. Tumrap jiwa mbale'la,
   nyingkur saka Gistinya,
   undhangna kabar bungah,
   ye'ku Injiling Allah

  Reff....

3. Aturna Sang Penebus,
   inten ingkang pangaji
   sarana rahe' Gusti,
   Kang wus sanyata suci.

  Reff.....
427. BEGJA SEJATI
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Begja sejati, ngabdi mring Gusti,
ye ku gesang kang pangaji.
Dadya lantaran mrih karukunan,
katentreman kelampahan

Reff.
  Mung Sang Kristus ye'ku Gusti,
  Panebus kula sejati
  Gesang kawula, kagem asmanya
  nggih martosken sih rahmatnya

2. Begja sanyata, gesang ne'ng donya,
   lelados mring Sang Pamarta.
   Dipun be'lani, sabar ing kardi,
   temah kalis ing belahi.

  Reff....
428. BINGAHA, SISAHA, GUSTI KULA PUJI
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Bingah a, Sisa a, Gusti kula puji,
kang mranata gesang kula
Kula rinimatan klayan katresnan,
mila kula pasrah pangre'hnya

Reff.
  Pasrah a ! Pasrah a
  ing sapangre'h e'
  Kang Ma kwasa.

2. Sapinten awrating momotan kula
   godha- rencana myang sisah,
   ye'n kuwula e'nggal mulat Sang Putra,
   manah kula e'nthe'ng lan bingah.

  Reff.....

3. Sanadyan kawula kasinungan drajat,
   kaluhuran, miwah pangkat,
   tebih kula saking raos gumunggung.

  Reff....
429. DHAWUHE' GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Dhawuhe' Gusti Ye'sus mring pra sakabat,
" Padha lunga a wartakna Injil ing sajagad;
sake'h ing bangsa padha dade'kna murid- Ku."
Gusti mesthi bakal nunggil salakumu.

Reff.
  Payo padha lunga ngabarke' Injil e' Gusti
  mring manungsa ing salumah ing bumi,
  dime'n pracaya lan nampani kaslametan;
  tansah bungah muji Allah, wit dadi bala kaswargan

2. Janjine' Gusti Ye'sus mring pra sakabat,
   bakal paring Roh Suci Juru - Pirembag,
   kang njalari kasekte'n kanggo leladi,
   temah setya nekse'ni asmane' Gusti.
 
  Reff.....
Rabu, 01 Februari 2017
430. DITUHU SALAMANYA !
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Dituhu salamanya !
Dituhu salamanya !
Nadyan susah lan sangsara,
aja mundur ing pracaya !
Dyan ananghang ruhara,
dituhu salamanya

2. Dituhu salamanya !
   dituhu salamanya !
   Kang nanggulang saputute'
   bakal ole'h makuthane' !
   Trima baw' rencana,
   di thuthu salamnya !

3. Dituhu salamanya !
   Di tuhu salamanya !
   Tampiken sanenging donya
   kang anggubel lan anggodha !
   aja nganti kabanda,
   di tuhu salamanya !
431. GUSTI ADAWUH
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Gusti adhawuh ye'n kita sami
kine'n kadya lilin kang amadhangi
supaya saben wong padhang ing ati,
wah anggluhurake' Hyang Ma suci

2. Saka suwarga Gusti mirsani
   ngendi lilin kang bente'r lan kang mati.
   Gusti ya mirsa, apa kita iki
   urip kadya lilin kang madhangi.

3. Ing jagad ke'ne' peteng wurahan
   kebak ing dosa miwah kawusahan.
   Mula payo padha nyunarke' cahya
   Injil peparing'e Gusti kula
432. GUSTI DEDALEMA
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Gusti dadalema
enjing sapunika ing batos
kawula lumantar Roh Paduka
Nyunarna pepadhang
ingkang nuntun lampah kula,
amrih kula kuwagang
nanggulangi panggodha

2. Gusti dedalema
   e'njing sapunika
   ing batos kawula
   lumantar Roh Paduka.
   kula tinuntuna
   anapak tilas Paduka
   amrih datang anguja
   karse'ng manah pribadya.

3. Gusti dedalema
   e'njing sapunika
   ing batos kawula
   lumantar Roh Paduka.
   Gusti mugi dhawuh,
   nedya kawula lampahi
   kawula kasagedna
   ndhe're'k karsaning Gusti.
433. GUSTI MUGI NUNTUN KAWULA
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Gusti mugi nuntun kawula
amrih tansah manut Paduka
Nadyan ribed gilir gumanti,
tamtu kula kedugi nyanggi.

2. Gusti mugi nglanting kawula,
   amrih sagah nahan bebaya.
   Nadyan awrat kados punapa
   tatag, datan semplah ing driya.

3. Gusti mugi nunggil kawula,
   murih kedugi nglawan dosa;
   temah kula unggul ing yuda
   lan nampi makuthaning swarga
434. GUSTI MUGI SAMPUN NGANTOS NILAR
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Gusti mugi sampung ngantos,
nilar kawula;
kula tenansah ngraos aken
berkah Paduka.

Reff.
  Gusti, mugi  nuntun kawula;
  kula tansah ngraos aken berkah Paduka

2. Gusti, mugi myarsakaken
   pasambat kula;
   awit kawula punika
   putra Paduka
   Reff....

3. Ngge'n kula darbe' panyuwun,
   mug sih Paduka
   ingkang dados panugeran
   miwah landhesan
   Reff...

4. Gusti mugi amirsani
   tyas kula trenyuh;
   Paduka ingkan ngiyatken,
   sageda teguh
   Reff....

5. Gusti tuking kabingahan,
   mugi nglipura
   manah kula kamomotan
   papa - cintaka"
   Reff...

6. Ane'ng donya wah ne'ng swarga,
   kula tan darbya
   andel- andel lan pikekah,
   namung Paduka
   Reff....
435. GUSTIMU KEPARENG MUNDHUT
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Gustimu kepareng mundhut
papan ane'ng atimu
Resik ana dime'n patut,
Gustimu karsa lumebu !

Reff.
Rungokna pangandikanya,
aja padha semaya !
Nyawisna papan mring Gusti
aneng sajroning ati !

2. Tan liya, kersane' Gusti
   motulungi wang doso;
   kang wus karsa mbukak ati
   dadya padalemannya.

   Reff....


3. Rahayu tyang kang samekta
   saos papan mring Gusti;
   antuk padhanging wardaya
   kang tedhak saking swargi

   Reff.....
436. GUSTI NUNTUN KAMOAH KULA
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Gusti nuntun lampah kula,
saklangkung ngg'en kula begja
Celak miwah tebih ugi,
kula tansah dipun kanthi

Reff.
  Nghih Gusti kang nganthi kula,
  astanya pyambak kang ngreksa
  Mila kula manut Gusti,
  Juru wilujeng sejati.

2. Dadosa ing wanci siyang
   punapa kesaput ratri,
   tyas peteng utawi padhang,
   kula tansah dipun kanthi
  Reff....

3.Gusti nuntun, kula pasrah
  klayan nrimah ing satitah.
  Sanadyan ta duge'ng janji,
  kula tansah dipun kanthi.
  Reff....
437. GUSTI YESUS PANGEN KULA
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Gusti Yesus Pangen kula,
sestu gung sih Paduka,
Ing sapurug kula mlampah,
Paguka kanthi tansah

Reff. Kinanthi ing Gusti,
      kinanthi ing Gusti
      Ingn sati tah kula nrimah,
      angger kinanthi Gusti.

2. Saliring bandha kadonyan,
   mung sarananing gesang.
   De'ne' piandel kawula
   mung panganthi Paduka

   Reff...

3. Ajrih - asih maring Gusti
   wah nresnani sesami,
   lah puniku gesang kula,
   wit panganthi Paduka.

   Reff...
438. GUSTI, PADUKA NGIRID LAMPAH KULA
( Kidung Pasamuwan Jawi - KPJ )

Gusti, Paduka ngirid lampah kula
Kula ndhe're'k Padhuka samaninya.
Kawula datan saged milih margi
Mugi sapurug kula, Gusti nganthi.

2. Paduka dedalema ing tyas kula
   supados arerema lampah kula
   Kula tansah sume'ndhe' ing karsanta,
   wit Paduka kang nebus gesang kula.

3. Ngambaha margi rumpil nguwatosi,
   tinempuh ing prahara nggegirisi,
   nging Gusti tansah ngirid lampah kula,
   mesthi {aduka kanthi dateng swarga.
439 ING JAGAD KANG PETENG
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Ing jagad kang peteng krana dosa
kathah tyang kang ngresula
Karana pananghang, samya ngresah
miwah semlah ing manah.

Reff.
Sumangga, Gusti, Ngagem kawula,
mrih ng'engetna para kanca
sengkut makarya nglawan godha,
dadosa berkah tumrap tyang kathan

2. Angundhangna sih rahmate Gusti
   kanthi setya nglampahi;
   margining luwar saking sangsara,
   temah samya raharja
 
   Reff.

3. Ngundhangna Injil Kratoning Swarga,
   kinanthia pangonga,
   mrih luwar saking kwasaning dosa,
   wah gesangnya sembada

   Reff.


Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


440.KAWULA TINUNTUNA

Kawula tinuntuna pasrah nyawa mring Paduka;
tyang kasasar lampahnya, wit krana dosanya.
Awis ingkang angopeni sarta sami preduli;
kawula kaparengna nyebar Injil suci
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


441. KITA SAMI TINIMBALAN

Kita sami tinimbalan, supados ndherek ngladosi
pakaryane Gusti Yesus dhateng sesami.
Amartos aken kabar bingah, nggih Injil ing karahayon
dhatheng  salir para bangsa, neng alam donya.

Reff. Tiyang pitados kedah wonten pandamel kang nyata !
      Klayang eklas mitulungi tyang kang sinangsara;
      sanadyan kita pinangkanya saking maneka bangsa,
      nging sesarengan nindakaken pakaryan kang mulya
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )

442. KULA KAPARENGNA CAKET GUSTI

1. Kula kaparengna caket Gusti
   mrih tentrem ing driya siyang ratri
   Kasetyan Paduka nganthi a slaminya,
   tansah amba barna kamulyan swarga.

2. Nadyan kaoncatan ing pepadhang
   awit ngraosaken gung panandhang,
   sestu tansah panggah nggen kula dondhelan,
   lamun Gusti nganthi, sung pitulungan.

3. Mlaekat gya prapti, nglipur kula
   sarana pamuji, mrih lejara.
   Kula sukarena, gya nyaket Paduka,
   celak dhampar mulya, Kratoning Swarga.
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


443. LAMUN SIRA SANGSARA

1. Lamun sira sangsara kranarehing dosa,
   yogya pasrah mring Gusti, murih dipun luwari.

Reff. Sang Kristus Maasih mring tyang kang ringkih.
      Den enggal ngayom a dimen tentrem ing gesang ira.

2. Yen sira kamomotan, kabotan sesanggan,
   yogya ngugsi mring Gusti mesthi denpitulungi. Reff

3. Lamun sira siningkang, rinoban panandhang,
   rumaketa Gustimu ! Tamtu paring rahayu. Reff

4. Yen sira kasusahan miwah karupekan,
   mareka mring Sang Kristus, yeku Juru Panebus. Reff
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


444. MARGI SIH PADUKA

1. Margi sih Paduka, dhuh Gusti Pamarta,
   tiyang dosa kaluwaran saking paukuman.

Reff. Iba adinira, utusan Paduka,
      kang ngundhangken wartos bingah,
      sih rahmate Allah.

2. Margi Roh Paduka, dhuh Gusti Pamarta,
   kathaha tyang kang nampeni pawartos basuki Reff.

3. Wit pangreh Paduka, dhuh Gusti Pamarta,
   tyang kang pitados mring Gusti sageda nyawiji Reff
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


445. MUGI GUSTI KARSA ANGUTUS

1. Mugi Gusti karsa angutus utusan
   kados duk kinanipun,
   ing kang ngemban sabdaning Allah
   lan martosken sih piwelasipun,
   supados tyang salumahing bumi
   sami nampia Injil ing Gusti.

2. Mugi Gusti ngutus pra abdi sembada
   setya miwah taberi
   nyebarken pawartos basuki
   gumelar ing salumahing bumi,
   supados tyang sami pitadosa,
   temah ngraosken tentrem raharja

3. Mugi Gusti madhangi manah kang peteng
   wit pamengkuning dosa,
   temahan pra tiyang kang wangkot
   lan kang kawengku ing gugon-tuhon*
   mratobata, pitados mring Gusti
   klayan bingah, asmane pinuji.

* gugon-tuhon = takhayul
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


446. NALIKA NGAMBAH MARGI KANG SEPI

1. Nalika ngambah margi kang sepi,
   giris uwas manah kula.
   Sampun nilar kawula dhuh Gusti,
   mugi tansah angamping ampingi.

Reff. Mlampah pyambak datan kedugi
      Gusti mugi anganthi
      Mrih gesang maedahi sesami
      wah mulyakaken asmane Gusti

2. Kawula kesandhung ngantos dhawah,
   karana karaos sayah
   Gya kula rangkul salibe Gusti,
   wit sihnya kula manggih basuki Reff

3. Lamun thatit kilat sesamberan,
   peteng ndhedhet lelimengan.
   Manah kula  kekes tan kantenan,
   nanging Gusti paring pitulungan. Reff
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )

447. PRA ABDINING GUSTI

1. Pra abdining Gusti, padha prayitna
   ing perang rohani. Ywa kongsi lena,
   ngrasuka kayekten wah kaadilan,
   sanadyan tumiba ing kasangsaran.

Reff. Yekti Iblis culika lan julig maeka *
      Di tengen ndendonga, Gusti kang ngreksa.

2. Pra putraning Allah, padha den panggah
   setya dadi seksi Injiling Allah.
   Nyanggemi dhawuhnya kang trus ing ati,
   manteb ing pracaya tumekeng janji. Reff

3. Pra wong kang pracaya, di tunggal sedya,
   nyirik pasulayan, mbangun katresnan.
   sangkul - sinangkula bit repotira,
   amrih roh piala sirep dayanya. Reff

* maeka = ngakali, menipu dengan penuh muslihat
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )

448. PRA PRAJURITE GUSTI

1. Pra prajurit e Gusti kang samnya di nuta,
   aywa padha suwala nyebar kabar adya,
   ye ku kabaring sih rahmat tedhak saka swarga
   Kang sinungken pra umat pinurih pracaya.

Reff. Payo, maju, ja giris atimu,
      marga Gusti nganthi salakumu !
      Payo, maju, undhangna samangkya,
      murih kang mblasar, nggetuni, mratobat agya.

2. Sajroning prang, sabukan kayekten, ja lali,
   kaadilan dadia kere mitayani.
   Trumpahmu cumadhanga Injiling raharja,
   denundhangna warata saindhenging donya. Reff

3. Nganggo tameng pracaya, dadia panangkis,
   marang solah gelare culikaning iblis.
   Pedhang roh yeku sabda, sayogya tinampi,
   tetopang karahayon, yeku kang ngayomi. Reff
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )

449. SIRA SUMYAKA

1. Sira sumyaka, dhuh nyawaku,
   nggunggunga sih e Pangeran,
   wus ngirid lakuning bangsaku,
   dalah paring pitulungan.
   Mring para utusan setya
   kang ngundhangken kabar adya
   Haleluya ! Haleluya !

2. Sapa kang nampa timbalannya,
   ngemban ayahan kaswargan,
   mesthi bakal padha tan nyana
   mring sakehing kaelokan,
   nadyan marganya rekasa,
   iku tinampa prayoga.
   Haleluya ! Haleluya !

3. Sira sumyaka, dhuh nyawaku,
   nggonira nggunggung Yehuwah,
   dak puja slawasing uripku,
   de agung sihe mring abdi,
   ing rina dalasan ratri.
   Haleluya ! Haleluya !

Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


450. SUMANGGA MAKARYA

1. Sumangga makarya, para utusan setya
   ngundhang aken kabar adya,
   sih rahmat saking swarga,
   mrih tyang kang peteng manahnya,
   dadya padhang lejara.
   Sumangga samekta, tansah makarya.

2. Sumangga makarya, dipun kepara cukat *,
   mbabarken tresna sanyata, mrih tyang dosa mratobat,
   panggah ngadhepi bebaya, Gusti nganthi slaminya.
   Sumangga samekta, tansah makarya.

3. Sumangga makarya, klayan mantep ing driya,
   manggul salibing Sang Kristus mbelani kang siniya.
   Kang tinindhes sinangsara, bingar, tentrem gesangnya.
   sumangga samekta, tansah makarya.

* cukat = trengginas, cekatan ( indonesia )
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


451. SUMANGGA PRA KADANG

1. Sumangga, pra kadang, misungsung gesang,
   ngayah i timbalan karyaning Pangeran.
   Martosken Injilnya, pangluwar saking dosa
   mring saliring bangsa, mrih samya wilujeng a

2. Tyang papa kesrakat, nyadhonga sih- rahmat.
   Tyang kang kinunjara, mrih luwara  sigra.
   Tentrem kang sejati, binabarna sabumi.
   Sagung tyang manembah, tansah rinoban barkah.

3. Injil kabar adi, sumangga, den tampi;
   gya undhangna tansah sajagad sumrambah.
   Tyang mblasar lampahnya, wah kang wangkot manahnya,
   di enggal mratobat, pinaringan sih rahmat.
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


452. TEKADING MANAH KAWULA

1. Tekading manah kawula
   tansah ndherek mring Gusti,
   yeku Panutan sanyata,
   nggih Panebus sejati.

Reff. Margining  salib ingambah,
      mbangun turut mring Allah.
      Mbabarken tresna  sejati,
      mrih jagad tentrem basuki.

2. Kula sestu ndherek Gusti
   ngantos slami - laminya,
   martosken Injil Suci,
   dimen samnya waluya.  Reff

3. Nulad Sang Pamarta Gusti,
   sagah ngurbanken dhiri,
   tan remen ing kekerasan,
   nging luber ing katresnan. Reff

4. Sanadyan rumpil marginya,
   ning Gusti tansah nganthi.
   Nadyan ribed lan sangsara,
   kula tegen * nglampahi Reff

* tegen = tekun ( indonesia )
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


453. TIYANG PRACAYA DENSAMNYA  SAMEKTA

1. Tiyang pracaya densamya samekta,
   lumawan Iblis kang juligculika.
   ywa kendhat ndedonga, nampi sabdanya,
   nunggil a klayan para tyang pracaya.
   Diprayitna,

Reff. aywa lena ! Gusti tamtu aparing pangreksa

2. Aya kuwatos dalasan sumelang,
   sanadyan mengsah tan kenging winilang.
   Denpanggah, dentatag, manteb pracaya,
   lan tansah setya, mrih unggul prangira. Reff
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


454. HALELUYA PUJI LAN PANUWUN

Haleluya puji lan panuwun,
kang sarta karumatan,
sinaosna mring kang Maha luhur,
wonten ing pasamuwan.
Sih e Rama mugi lumuntura
Dhuh Gusti, mugi melasi kula;
Roh Suci a nunggila klayan kula sadaya.
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


455. LAH PRA ABDINE PANGERAN

1. Lah pra abdine Pangeran,
   kang njungkung aneng pamuja,
   rina wengi angibadah,
   saosa puji mring Allah

2. Tanganira danulukna,
   lan tumengaa mring swarga,
   sujuda kanthi anyembah,
   saosa puji mring Allah.

3. Sira muga sinungana
   saweb berkah saking swarga
   dening Allah kan murbeng rat
   kang pinujia tan kendhat.
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


456. MUGI - MUGI SIH RAHMATE GUSTI

Mugi mugi sihrahmate Gusti,
saha sih e Allah miwah patunggilane Roh Suci,
tumrah a mring kula sadaya.
Amin
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


457. MUGI SIH RAHMATING GUSTI

Mugi sihramating Gusti lan Sih e Sang Rama
Wah patunggiing Roh Suci,
tumrah a ing kawula. Amin
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


458. MUGI SIH-RAHMATING GUSTI

Mugi sihrahmating Gusti
lan sih e Sang Rama
wah patunggilaning Sang Roh Suci,
tumraha ing kula,nggih kula sadaya
Amin, Amin, Amin.
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


459. PINUJIA ALLAH SANG RAMA

1. Piujia Allah Sang Rama
   wah Sang Putra lan Roh Suci;
   purnapa ngabekti aneng greja,
   ngrasuk geseang saben ari.

Reff.
Payo nindakna kang trusing ati
sabdaning Gusti Sung gesang yekti,
sinartan dening berkah ing Gusti,
sung sih rahmat mring sesami.

2. Pangabekti sestu ngibadah,
   lamun Gusti kang densembah;
   kraharjaning pepadha denudi,
   jagad ramnya tentrem yekti   Reff
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


460. TENTREM RAHARJA

Tentrem raharja sing Gusti kita,
tumrah mring kita;
tentrem raharja sing Gusti kita,
tumrah mring kita.


461. AMIN

Amin. Amin
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


462.AMIN

Amin.
Amin.
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


463. AMIN, AMIN

Amin, amin
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


464. AMIN ( Kaping telu )

Amin, amin, amin
Amin, amin, amin
Amin, amin, amin
Amin, amin, amin
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


465. AMIN ( kaping nenem )

Amin, amin, amin
amin, amin, amin
Amin, amin, amin,
amin, amin, amin.
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi


466. AMIN, HALELUYA

Amin, haleluya ! Amin, haleluya !
Pinuji Paduka ! Amin, haleluya !
Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )

467. HALELUYA

Haleluya, Haleluya, Haleluya
Lirik KPJ 468


468. HALELUYA

Haleluya, haleluya, haleluya
Lirik 469


469. HALELUYA

Haleluya, haleluya, haleluya, haleluya
Lirik KPJ 470


470. HALELUYA

Haleluya, haleluya, haleluya
Lirik KPJ 471


471. HALELUYA

Haleluya, haleluya, haleluya
Haleluya, haleluya, haleluya
Lirik KPJ 472


472. HALELUYA ! AMIN !

Haleluya, Haleluya,Haleluya,
Haleluya,Haleluya, amin , amin
Haleluya amin. Haleluya amin
haleluya Haleluya Haleluya amin
Lirik KPJ 473


473. HELELUYA, HALELUYA

Haleluya, Haleluya, Haleluya, Haleluya;
Haleluya, Haleluya, Haleluya, Haleluya;
Lirik KPJ 474


474. HALELUYA, HALELUYA, AMIN

Haleluya, haleluya,
amin, amin
lirik KPJ 475

475. MARANATA

Maranata, Maranata, Maranata, Maranata,
Maranata, Maranata, Maranata, Maranata,
Lirik KPJ 476

476. PUJI GUSTI ! HALELUYA !

Puji Gusti Haleluya
Puji Gusti Haleluya !
Puji Gusti, Puji Gusti ! Haleluya !
Puji Gusti ! Haleluya !
Puji Gusti ! Haleluya !
Puji Gusti, Puji Gusti ! Haleluya !
Puji ! Haleluya ! Puji ! haleluya !
Puji Puji, Haleluya !
Puji Puji, Haleluya !
Puji Gusti Haleluya !

15 komentar:

  1. Such a nice and helpful piece of information. I’m so happy that you shared this helpful information with us. Please keep us up to date like this. Thanks for sharing.

    BalasHapus
  2. khokharpc.com/ mobaxterm crack Such a nice and helpful piece of information. I’m so happy that you shared this helpful information with us. Please keep us up to date like this. Thanks for sharing.

    BalasHapus
  3. Thanks for this post, I really found this very helpful. And blog about best time to post on cuber law is very useful. fl-studio-crack

    BalasHapus
  4. Thanks for ones marvelous posting! I actually enjoyed reading it, you happen to be a great author. I will remember to bookmark your blog and will often come back very soon. I want to encourage that you continue your great posts, have a nice morning! Photopia Director Crack

    BalasHapus
  5. Such great and nice information about software. This site gonna help me a lot in finding and using much software. Kindly make this like of content and update us. Thanks for sharing us ACDSee Photo Studio 2021 Crack . Kindly click on here and visit our website and read more

    BalasHapus
  6. Abelssoft CheckDrive Pro Crack is an application designed to scan hard drives and fix errors. If you are trying to fix any possible errors that might come up after a system crash, it is a pretty cool GUI with all the options organized into disk check tabs.

    BalasHapus
  7. I am very thankful for the effort put on by you, to help us, Thank you so much for the post it is very helpful, keep posting such type of Article.
    CCleaner Pro Crack
    The Sims 4 PC Game
    Dropbox Crack

    BalasHapus
  8. Here at Karanpccrack, you will get all your favourite software. Our site has a collection of useful software. That will help for your, Visite here and get all your favourite and useful software free.
    Connectify Hotspot Crack

    BalasHapus
  9. Tomamos la goma y marcamos un punto en ella con un rotulador, para que nos sirva de referencia. Co여수출장마사지locamos la goma dentro del tubo de plástico y la sujetamos con el tapón de corcho, de forma que el punto de referencia próximo al comienzo del gancho. Este será el cero de la escala.

    BalasHapus